PRIMBON RAMALAN JODOH



DAFTAR SAHABAT YG MASUK The truth seeker
Tidak harus menjadi yang pertama,yang penting itu menjadi orang yang melakukan sesuatu dengan sepenuh hati.
HTML Counter

Sejak : 17 Agustus 2011

ISI DI BLOG INI HANYA GAMBARAN-GAMBARAN HIDUP YANG HAKIKI
Dan Merupakan Album yang berisi catatan yang saya tulis dalam perjalanan waktu.
Catatan yang terinspirasi dari apa yang saya lihat, saya baca, saya dengar, dan saya rasakan
MAAF JIKA GAMBAR GAMBAR yang kami Ambil Dirasa FULGAR dan UNCENCORED
Disclaimer: Artikel, gambar ataupun video yang ada di blog ini terkadang berasal dari berbagai sumber media lain,
dan Hak Cipta sepenuhnya dipegang oleh sumber lain tersebut. Jika kami salah dalam menentukan sumber yang pertama, mohon beritahu kami

e-mail primbondonit@gmail.com HOTLINE SMS 0271 9530328
GAMBAR-GAMBAR dibawah ini BUKAN HANYA IKLAN tapi merupakan LINK SUMBER


Bagi sebagian masyarakat yang mengklaim diri sebagai masyarakat peradaban modern, westernism bahkan sebagian yang mengesankan perilaku agamis yakni hanya bermain-main sebatas pada simbol-simbol agama saja tanpa mengerti hakekatnya, dan kesadarannya masih sangat terkotak oleh dogma agama-agama tertentu. Manakala mendengar istilah mistik, akan timbul konotasi negatif. Walau bermakna sama, namun perbedaan bahasa dan istilah yang digunakan, terkadang membuat orang dengan mudah terjerumus ke dalam pola pikir yang sempit dan hipokrit. Itulah piciknya manusia yang tanpa sadar masih dipelihara hingga akhir hayat. Selama puluhan tahun, kata-kata mistik mengalami intimidasi dari berbagai kalangan terutama kaum modernism, westernisme dan agamisme. Mistik dikonotasikan sebagai pemahaman yang sempit, irasional, dan primitive. Bahkan kaum mistisisme mendapat pencitraan secara negative dari kalangan kaum modern sebagai paham yang kuno, Pandangan itu salah besar. Tentu saja penilaian itu mengabaikan kaidah ilmiah. Penilaian bersifat tendensius lebih mengutamakan kepentingan kelompoknya sendiri, kepentingan rezim, dan kepentingan egoisme (keakuan). Penilaian juga rentan terkonaminasi oleh pola-pola pikir primordialisme dan fanatisme golongan, diikuti oleh pihak-pihak tertentu hanya berdasarkan sikap ikut-ikutan, dengan tanpa mau memahami arti dan makna istilah yang sesungguhnya. Apalagi dalam roda perputaran zaman sekarang, di mana orang salah akan berlagak selalu benar. Orang bodoh menuduh orang lain yang bodoh. Emas dianggap Loyang. Besi dikira emas. Yang asli dianggap palsu, yang palsu dibilang asli. Semua serba salah kaprah, dan hidup penuh dengan kepalsuan-kepalsuan. Untuk itulah Warisjati merangkum beragam artikel dari beberapa sumber tentang pengetahuan Budaya dan tradisi di Nusantara yang merupakan warisan para leluhur yang sarat akan makna dan berbagai artikel lainnya yang saling melengkapi. Dengan harapan membangun sikap arif dan bijaksana dan mengambil pelajaran serta pengetahuan dari budaya masa lalu sebagai warisan leluhur di Nusantara ini.

ORANG YANG DENGAN MUDAHNYA MENGATAKAN SESAT KEPADA SESEORANG
ADALAH ORANG YANG TIDAK atau BELUM PAHAM AKAN DIRINYA SENDIRI

Cari Disini Artikel Yang ANDA INGINKAN INSYA ALLAH ada di BLOG INI

Kamis, 18 Oktober 2012

Gatholoco Bantah Kalihan Guru Tiga, Sastradipura, 1905, #1713

Gatholoco Bantah Kalihan Guru Tiga, Sastradipura, 1905, #1713
Gatholoco Bantah Kalihan Guru Tiga. 1. Mat Ngarip, 2. Ngabdul Jabar, 3. Ngabdul Manap, Desa Rêjasari.
Mawi kasêkarakên, ing ngandhap punika.
Bismilahirahmanirrahim[1]
1. Asmaradana
1. ingsun iki aparing warti |[2] paring wêruh sudara sêdaya |[3] jalêr èstri apadene | kang sêpuh miwah taruna | prayogane wong nèng dunya |[4] yèn sira anêdya anut | nglakonana asor nistha ||
2. ngèsthia ing tata titi | dhawuhe pandhita tama | wong anom-anom yogyane | bêktia marang wong tuwa | yayah rena tan nora | ping tigane [ti...]
--- 77 ---
[...gane] bapa guru | ping pate wong tuwanira ||
3. anadene ala bêcik | lawan têkèng tatakrama | sinau andhap asore | ing dalêm kitab musarar | kabêcikan ing dunya | tatakrama lungguhipun | iku padha dèn gulanga ||
4. lan samya padha dèn eling | bêktine marang wong tuwa | slamêt saparan-parane | ing dunya têkèng ngakherat | iku dèn elingana | margane ganjaran agung | slamêta anèng ing dunya ||
5. sênadyan pintêra ngaji | lamun ninggal tatakrama | pasthi ala wêkasane | sinêndhu marang wong tuwa | pasthine kawirangan | iku wus têrus ing khukum | jinarwakkên jroning kitab ||
6. yèn lumaku tata titi | trusna kapintêranira | barang gawe iku mangke | kawignyan anèng ing dunya | têtakona mring wong tuwa |[5]aja tungkul mangan turu | lamun sira arsa mulya ||
7. ingkang aran ngèlmu jati | têtakona mring pandhita | mumpung sira taksih anom | tan wêruh wêkasanira | bêcik padha ngupaya | gêguru kawruhing khukum | mumpung sira anèng dunya ||
8. dèn bantêr ngulati ngèlmi | sarta jatine wong tapa | katrimaa ing Hyang Manon |
--- 78 ---
kang têrus dunya ngakherat | iku padha kawruhana |[6] jênênge kalimah iku | kang aran kalimah sadat ||
9. jênênge kalimah kalih | iku sira kawruhana | iman kalawan tokite | lawan jênênge makripat | wujude gusti kawula |[7] bedane mapan lan wuwuh | klawan purba amisesa ||
10. ana sabda kang linuwih | dhawuhe pandhita nyata | rasakna ing surasane | lumpuh angidêri jagad | wong wuta ngitung lintang | wong ngangsu pikulan banyu | ngamèk gêni gawa damar ||
11. wong cebol anggayuh langit | warôngka manjing curiga | randhu alas mrambat pare | jago kaluruk ing tawang | kuda ngêrap ing pandêngan |[8] wong bisu juwèh cêlathu | tapake kontul ngêlayang ||
12. ana siti pinêndhêm ing bumi |[9] banyu kêlêm jroning toya | pêrawan ayu rupane | datan pisah lan wong lanang | ana rôndha durung krama |[10] têtakona wong kang luhung | ingkang sampun wruh ing rasa ||
13. wontên papan tanpa tulis | sêkar tunjung tanpa tlaga | têlaga sêpi tunjunge | tanggal pisan kapurnaman | baita mot samodra | sampun layar anèng gunung | pêdhute ngambah
--- 79 ---
sêgara ||
14. dèn awas sira ngulati | aja sira salah tômpa | trisnaa mring surasane | sèwu siji kang wuninga | wong tuwa tuwa ika | pan akèh samya kaliru | pan katungkul mangan nendra ||
15. margane ana wong mukti | tan sêpi wijiling tapa | têlatèn mêsu ragane | datan etang sandhang pangan | rinangkêpan sabar drana |[11] tur wêruh jatining ngèlmu | sarengat lawan tarekat ||
16. sapa kang tlatèn prihatin | awit nom tumêkèng tuwa | pêsthi luhur dêrajate | sinêmbah sujanma kathah | jim setan pêrayangan | sêdaya pan samya anut | wêdi asih marang sira ||
17. pinaringan sabda mandi | dhatêng Hyang Kang Maha Mulya | tur gêdhe ing wilalate | bêrkate wong lara lapa | mulane tinarima | tulisan tangane mujur | bagus alus sakalirnya ||
18. mapan ana wong ing mangkin | amung ngêgungakên donya | kapengin sugih ragane | wêkasan sangsaya mlarat | barang ginayuh tuna | cinupêt marang Hyang Agung | jatine pan kurang tapa ||
19. minta sugih saya miskin | jaluk enak saya lara | satêmêne kurang tapane |[12] jaluk swarga nêmu
--- 80 ---
nraka | iku padha elinga | jaluk luhur dadi lêbur | jaluk urip dadi bôngka ||
20. wus apês sabarang kalir | langkung mlarat sajêgira | nora dadi kamulyane | tinulis ing tapêlira | kang bêcik lan kang ala | katorang-torang wong iku | sangsaya kèwêdan marga ||
21. manungsa kang luwih bêcik | wiwitane sangking tapa | lir gambar alip rupane | iku sira kawruhana | nyata agama Islam | apa ingkang bisa luhur | pinasthi nêmu nugraha ||
22. putusira amèngêti | lampahe wong anèng dunya | kang sêpuh miwah kang anèm | yèn sisip ginawe apa | anacadi bujôngga | lamun eling asalipun | pasthi bêcik anèng dunya ||
23. wontên carita winarni | critane janma lêlana | Gatholoco pêparabe | tan karuwan wismanira | ingakên têngahing jagad |[13] Si Gatholoco puniku | wijil sangking wong ngumbara ||
2. Mijil
1. pamêdharing gita têmbang mijil | laras kang kinaot | sangking kitab Bahrulkalbi rane | anggitira janma sangking wukir | wus jamak wus sarpin | ingkang lagya gandrung ||
2. linglang-linglung tan ana kaèksi | muhung agung nglamong |
--- 81 ---
kang kacipta raosing driyane | kitab Bahrulkalbi nèng ngarsanèki |[14] mila dadya inganggit |[15] pan kinarya nglipur ||
3. pamintane timbang sanak mami | miwah ingkang anom | mugi samya agung aksamane | marga sastra duk nyatane dhingin | muhung karya angling | ing têtêping kalbu ||
4. wau kitab kang kasêbut ngarsi | Bahrulkalbi kaot | têgêsira bahrul jaladrine | kalbi iku ati ingkang suci | minôngka jêladri | tanpa têpi iku ||
5. ingkang luwih sakèhing dumadi | ala bêcik kaot | kabèh iku ing saprandene |[16] datan kandhêg wau gènnya nganggit | langgêng slaminèki | tan kirang tan wuwuh ||
6. duk samana wontên guru santri | ingkang sami kaot | kang sajuga ing pêparabe |[17] Amat Ngarib Duljabar iki |[18] tri Ngabdul Manap iki |[19] kang misuhur langkung ||
7. pamulangan desa Arjasari | pinggir kali katon | langkung asri tinon ing rakite | kadang katri pan lagya ngumurni | kiwa têngên masjid | asri yèn dinulu ||
8. apan kathah santrine kang ngaji | samya anom-anom | guru tiga sawiji ature | wus misuwur desa kanan kiri | jamhure
--- 82 ---
nglangkungi | guru tri puniku ||
9. samya kikis guru môncanagri | bantah samya kawon | datan kewran maknane lapale | sampun putus nahwu lan bajuri | kitab warni-warni | tapsir usul nahwu ||
10. miwah sagung kitab inggil-inggil | sêdaya wus wêroh | sajuga ri gurune kabèh |[20] arêmbagan arsa bantah ngèlmi | marang liya nagri | guru kang pinunjul ||
11. pamirêngnya ana guru katri | ingkang samya moncol | pamulangan Cepekan pondhoke | juga nami Kasan Mustahal iki |[21] Dyan Kasan Bêsari | Ngabdul Jalal kantun ||
12. samya runtik sajroning ati |[22] katri guru kaot | amidhangêt ing guru liyane | samya punjul kawruhe pribadi | guru Rêjasari | pan arsa anglurug ||
13. duk sêmana wau guru katri | ingkang karsa andon | arsa bantah kabèhing kawruhe | marang kyai ing Cepekan nguni | sore wus pêrjanji | pangkatira esuk ||
14. byar raina tri para kiyai | wanci bakda suboh | wus busana sagênuk surbane | mori putih kêthune pênjalin | klambi jubah putih | rangkêpipun têlu ||
--- 83 ---
15. sruwal mori rinangkêp kalih |[23] landhung tur akombor | sabuk polèng rangkêp pitu lêmbare |[24] badhongira kuningan sanyari | samya nyangklit cundrik | danganane sungu ||
16. sêlutira suwasa cinawi | warôngka binlongsong | ing salaka jawi tatahane | danganane kinalungan tasbih | samya têkên êcis | timah pêntholipun ||
17. guru siji gawa santri kalih | samya anggêgendhong | gawa kitab anyangklit cundrike | gunggung kitab kawan likur iji | sawusnya rumanti | sarêng pangkatipun ||
18. wayahira jam pitu enjing |[25] lampahira alon | turut marga wau ing lampahe | samya ngangge gamparan ting kathêklik |[26] duk praptanirèki | wanci jam sapuluh ||
19. panas bantêr lèrèh pinggir margi | ngandhap ringin ayom | kyai katri bèbèr saptangane | tinumpangkên oyoting waringin | kinarya lêlinggih | jèngkèng sêmu timpuh ||
20. êcisira tinancêpkên ngarsi | santri samya lunggoh | anèng ngarsa lungguhe ajèjèr | pan kasilir samirana ngidit | muji ting calumik | tasbèhe ingitung ||
21. murid nênêm ambelani muji | wênèh dhikir
--- 84 ---
alon | ting kathêkluk dhase gela-gelo | kitabira pinangku nèng wuri | tan dangu ningali | sujanma lumaku ||
22. èndhèk cilik lakune ngathiplik | gathik sangking adoh | sarêng cêlak waspada tingale | ingkang prapta warnane jêbimblik | nora kaprah janmi | lir dhandhang lumaku ||
3. Dhandhanggula
1. èndhèk cilik rambute barintik | rai burik ngumik cangkêmira | kera arang ka[27] lirike | alis barintik têpung | irung bungkik cangkême nguplik | untu gingsul nèng têngah | lambe kandêl biru | janggute nyanut anyênthang | pipi klungsur kuping pêrut bangkêrut sami |[28]gulu panggêl tur cêkak ||
2. pundhak brojol punuke sakêndhil | asta kalih cekot tur kuwaga | pating carênthik drijine | alêkik dhadhanipun | wêtêng bangkèk bokonge cênthik | dhêngkule gathik ingkar | lakunira impur | kulite basisik mangkak | kumut-kumut napasira mêmpas-mêmpis | ilêre duleweran ||
3. ikêtira wulung ting saluwir | kêlambine kotang sampun bêdhah | kang wutuh amung kanthonge | sabuk lungsuran bêngkung | mori putih pating saluwir | kathok lurik [lu...]
--- 85 ---
[...rik] tambalan | amung watês dhêngkul | kanthonge klambi tambalan | kêbak bako klobot kawak nora kari | lan gêni panithikan ||
4. bududane pring tutul kinisik | mêlêng-mêlêng kuning sêmu nglênga | sinusun tiga ponthange | ngisor têngah lan dhuwur | timah budhêng ingkang kinardi | calupak irêng tur dawa |[29] gripis cupakipun | mêlêng-mêlêng sêmu abang | kêna kukus pêga ing sabên ari |[30] pangot urik nèng ngarsa ||
5. kandhutane klèlèt tri kêmiri | sigra lungguh nyakêt guru tiga | sarwi angêmut napase | pinirsa lêngut-lêngut | gandanira apêk asangit | ngambar tumanduk marang | goning guru lungguh | kang prapta angambil sigra | sangking kasang ngambil panithikan gêni | ngambar rokok têgêsan ||
6. agêngira sadriji mratani | panggonane guru lêlungguhan | apêk asangit gandane | guru tiga amambu | menga-mengo anutupi rai |[31] idu sarwi ariyak | kang sawênèh watuk | santri kang anèng ing ngarsa | inggal kesah sumingkir anèng ing wuri | tumungkul lungguhira ||
7. guru tiga waspada ningali | ing warnane janma kang mangkana | mêsum alum ing warnane |
--- 86 ---
sarêng cakêt anêbut | astaghpirlah robbil ngalamin | manungsa tan lumrah janma |[32] ngudubillah iku | lah iku janma punapa | sajêg jumblêk ingsun anèng ing bumi |[33] ingsun durung wuninga ||
8. ing warnane manungsa kadyèki | sarwi nolih ngandika mring sakabat |[34] lah sapa dêlêngên kuwe | janma kang kurang wuruk | nora wêruh sarake nabi | maksih anèng ing dunya | cilakane muput | durung siksaning ngakerat | tikêl pitu lan siksa ing dunya iki | mulane wêkas ingwang ||
9. dipun pêthêl sinaua ngaji | ajrih wêruh sarak rasulullah | slamêt donya ngakerate | sapa tan nêdya anut | ing sarake andika nabi | cilaka donya kerat | iku rupanipun | murid tur nuwun sêdaya | Amat Ngarip wuwuse arum amanis | janma iku sun kira ||
10. dudu anak janma kang sayêkti | anak wewe lair nèng kuburan | mêdi bôngsa gandarwone | utawa ilu-ilu | Ngabdul Jabar alon nauri | iku bôngsa janggitan | bangsanira hantu | mênawa bôngsa wauwa | rêrangutan wismane têngah wanadri | Ngabdul Manap angucap ||
11. iku salah pambatangmu [pamba...]
--- 87 ---
[...tangmu] iki | bôngsa uwèl ika saba sawah | mêdi thongthonggrit bangsane | kang prapta angrungu wuwus |[35] pamuwuse guru lan santri | langkung sakit ing manah | nanging tan kawêtu | ngungkabi gembolanira | kêlèlète sakêmiri gya ingambil | dèn untal babarpisan ||
12. pan sêkala êndême mratani | badan kulit dagingira |[36] amrasuk sakèhe otot | balung sungsum sakojur | kuwatira sêdaya pulih | ulatira jêrbabak | abang sêmu biru | guru tiga awaspada | pratikêle janma ingkang lagya prapti | yèn salin ulatira ||
13. Ngabdul Jabar ngucap mring Mat Ngarip | Amat sira takokêna apa | kang inguntal mau kuwe | lan sapa aranipun | lawan wismane kang yêkti |[37] punapa karyanira | lan apa tan adus | ing awake tan mambu toya |[38] sajêg jumblêk awake têka bêsisik | janma iku sun kira ||
14. nora nganggo sarak lawan sirik | najis mêkruh batal lawan karam | amung nganggo sasênênge | sanadyan iwak asu | iwak cèlèng asu lan babi | anggêr doyan pinangan | nora nganggo gigu | tan pisan wêdi duraka |
--- 88 ---
Amat Ngarip marêk sarwi muwus aris | wong prapta ingsun tanya ||
15. lah ta sapa aranmu sayêkti | lan ing ngêndi omahira dhawak | kang tinanya lon saure | Gatholoco ran ingsun | ingsun janma lanang sajati | wismaku têngahing jagad |[39] guru tiga angrungu |[40] sarêng gumuyu nyêkakak | tutup lesan ngêkêl sarwi mijêt ati | Gatholoco angucap ||
16. lah ta sapa sira guyu iki | guru tiga sarêng saurira | jênêngmu sun guyu kiye | dening kapingkêl-pingkêl kalangkung |[41] nora kaprah jênênge janmi | Gatholoco angucap | aja sira guyu | jênêngku jênêng utama | têgêsira gatho gathèl dhasar pêrji | loco barang gosokan ||
17. pramilane sanak-sanak mami | sasênênge ngundang marang ingwang | ya ingsun sauri kabèh | têtêlu aran ingsun | siji kyai gathèl kinisik | gathèl panglus sajuga | dene kang misuwur | ing môncapat môncalima | Gatholoco guru tiga duk miyarsi | gumuyu latah-latah ||
18. tutup lesan sarwi mijêt ati | êluhira amratani muka | kapingkêl-pingkêl guyune | sakabat nênêm kêpuyuh |[42]
--- 89 ---
Amat Ngarip amuwus aris | punika jênêng karam | iya kang kasêbut | ing jrone kitab manira | lamun pêjah karam manjing suwargi |[43] karam manjing naraka ||
19. mung katarik jênêngmu tan bêcik | najis mêkruh kang kasêbut sarak | Gatholoco lon saure | sarakira kêliru | wong kang bisa ngêlus ing pêrji | sayêkti janma mulya | apês-apêsipun | lungguhe dêmang kapala | mantri dhistrik patih utawa bupati | liyane nora bisa ||
20. rèhning ingsun tan dadi priyayi | mung jênêngku jênêng pêrji mulya | supaya turunku têmbe | dadya priyayi agung | Ngabdul Jabar angucap bêngis | dhapurmu kaya luwak | dene wani ngaku | lamun sajatining lanang | Gatholoco gumuyu sarwi nauri | ucapku nora salah ||
21. ingsun ngaku wong lanang sajati | bôngsa lanang ala katêmênan | pêrji iku apa rupane |[44] sajati-jatinipun | aku urip sêdya amati | guru tiga angucap | dhapurmu lir hantu | sajêge tan mambu toya | Gatholoco gumuyu sarwi nauri | ewuh sun karya siram ||
22. lamun ingsun iku adus warih | badan ingsun iki [i...]
--- 90 ---
[...ki] isi toya | yèn adusa gêni gêdhe | jro badan isi latu | yèn rêsike kinosok bumi | asal ingsun iki lêmah |[45] sun adusa lesus | badanku sumbêr maruta | tuduhêna sun karya adus punapi | guru tiga angucap ||
23. asal banyu yêkti adus warih | dhingin suci iku raganira | Gatholoco lon saure | sira santri tan urus | yèn sucia sangking ing warih | sun kungkum sangang wulan | nora kulak kawruh | yèn mungguha kaya ingwang | adus tirta tekade asuci êning | ing tyas tan kawoworan ||
24. barang salah kalêbu ing dhiri | iya iku aduse manungsa | ingkang sabênêr-bênêre | guru tiga amuwus | dhapurira lir kirik gudhig | sapa ingkang pêrcaya | duwe ati jujur | sira iku ingsun kira | nora duwe batal karam lawan najis | duwèkmu amung nakal ||
25. nadyan iwak asu lawan babi | anggêr doyan pasthi sira pangan | nora wêdi durakane | Gatholoco lon muwus | iku bênêr tan ana sisip | pambatinmu iku salah |[46] nadyan iwak asu | sun titik asale purwa | lamun asu asale asu kang bêcik | dudu asu
--- 91 ---
colongan ||
26. asu ngingu dhèwèk awit cilik | sapa ingkang gugat lan kang kêlah | kalal luwih sangking cêmpe | sanadyan wêdhus iku | ing asale wêdhus tan bêcik | karam ngliwati suna[47] | nadyan babi iku | sun titik asale purwa | yèn sababe iku awit ngingu gênjik | kalal luwih sangking menda ||[48]
27. nadyan wêdhus yèn ênggone maling | luwih babi iku karamira | sanadyan iwak cèlènge | lamun asale kang jujur |[49] buru dhewe anèng wanadri | dudu cèlèng colongan | kalale kalangkung | sanadyan iwak maesa | yèn colongan karam luwih sangking gênjik | guru tiga samya mojar ||[50]
28. luwih akal padunira iki | patut sira uripmu cilaka | mêlaratira sajêge | tan duwe bêras pantun | sandhangamu tan lumrah janmi | kabèh jarik momohan | lawasmu tumuwuh | tan angrasa mangan enak | pêdhês asin lêgi gurih tan duwèni | guru tan darbe nalar ||
29. Gatholoco alon anauri | ingkang sugih sandhang lawan pangan | pirang kêthi momohane | kalawan pirang gênuk | tainira kang sira simpêni |[51]
--- 92 ---
guru tiga miyarsa | gumuyu angguguk | sandhangaku kang wus rusak | awor siti lan taiku amor siti | kabèh wus awor lêmah ||
30. Gatholoco alon anauri | yèn mangkono taksih lumrah kathah | pan durung aran kinaot | beda kalawan ingsun | kabèh iku isining bumi | ing sakurêbing jagad | kabèh duwèk ingsun | kang anyar datan gumêlar | sun kon nganggo marang sanak pawong mami | sun trima nganggo ala ||
31. ingsun trima nganggo ala iki | pêpanganan kang enak-enak |[52] kang lêgi gurih rasane | pêdhês asin sêdarum | sun kon mangan têpungan mami | janma kang sipat gêsang | amung jênêng ingsun | wêruhe sadina-dina | sun tulisi santrine salikur iji | sun simpên jroning nala ||
32. lan gunggunge kabèh sun kawruhi | sun tulisi angkane sadaya | anadene panggonane | saênggon-ênggonipun | sapa-sapa kang sênêng ngambil | dèn anggo lan kang dèn pangan |[53] ing sakarsanipun | ingsun nora manasika | mung jênênge lan cacahe sun tulisi | buku nèng jroning nala ||
33. kang sun pangan ing sabên ari |[54] melik ingkang [ing...]
--- 93 ---
[...kang] panas-panas |[55] sarta ingkang pait dhewe | dene ing tainingsun | kabèh aku pan dadi rêdi | mulane kang parwata | kabèh mêtu kukus | tumuse gêni sun pangan | padhas watu kalawan kang curi-curi | kalèlèt kang ingsun pangan ||[56]
34. sadurunge ingsun ngising tai | gunung iku mapan durung ana | benjang iku ing sirnane | lamun ingsun wus mantun | ngising tai ingkang mêtu silit |[57] lah mara nyatakna |[58] iku tandhaningsun | guru tiga duk miyarsa | sarêng ngucap layak rupamu jêginggis | guru tiga duwe nala ||[59]
35. Gatholoco alon anauri | mulaningsun bangêt susahira | amêtu runtik karsane | ing kangjêng gusti rasul | sabên dina ingsun turuti | tindak marang ngêpakan | mundhut kalèlèt candu |[60] lan maring ngêpakan ika | dipun dhahar kalawan dipun obongi | Allah[61]kang paring pirsa ||
36. iku lamun nora sun turuti | bangêt têmên niksa raganingwang | ingsun bangêt paniksane | ingsun tan bisa turu | guru tiga angucap bêngis | sun lagi nêmu critanira |[62] jêng rasul puniku | dene karsane ngêpakan | kangjêng nabi sêmbahane wong sabumi | anèng nagri ing Mêkah ||
--- 94 ---
37. guru tiga mangke sun arani | rasul Mêkah ingkang sira sêmbah | datan ana ing wujude | wus seda sèwu taun | panggonane ing tanah Ngarbi | lêlakon pitung wulan | tur kalangan laut | lan kari kubur kewala | sira sêmbah jungkar-jungkir sabên ari | apa bisa tumêka ||
38. dadi sêmbahira tanpa kardi | luwih siya marang raganira | tan nêmbah rasul dhèwèke | siya-siya mring uripmu |[63] nêmbah rasul badaning dhiri | kabèh sabangsanira | iku ora urus | nêmbah Allah siya-siya | ting cêrngunguk Allah nora kobêr guling | kablêbêgên swaranira ||[64]
39. rasululloh seda sèwu warsi | sarak bingung sangking wismanira | bok gulumu kongsi modot | môngsa sêdya angrungu | tuwas kêsêl datanpa kasil | guru tiga angucap | dhapurmu lir hantu | layak nora duwe ulat | wani nyamah papundhène wong sabumi | Gatholoco angucap ||
40. mila mêsum bangêt susah mami | kadunungan ingsun barang gêlap | awit cilik têkèng mangke | kewuhan jawab ingsun | yèn dèn wada ingkang darbèni | supaya bisa luwar | paran ananipun | bisaa panjawabira |
--- 95 ---
aja kongsi nêmu khukume nagari | guru tiga angucap ||
41. sarêng ngucap nyata sira maling | nora pantês rêmbugan lan ingwang | sira iku wong munapèk | duraka mring Hyang Agung | lamun ingsun gêlêm marahi | ing pratikêle dursila |[65] ing panjawabipun | tan wurung katularan |[66] durakamu sanadyan sun nora maling | lamun gêlêm amulang ||
42. nalar maling lan jawabe maling | sayêktine kêna mèlu siksa | Gatholoco lon saure | yèn sira nora purun | amarahi jawabe maling | amung cangkrimaningwang | badhenên dèn tuhu | guru tiga sarêng ngucap | lah ucapna sun badhene padha mangkin | ingsun guru nonoman ||
4. Sinom
1. hèh sanak ingsun sadaya | badhenên cakriman mami | ki dhalang kêlir lan wayang | blencong kêlir tuwa êndi | badhenên salah siji | pundi ingkang luwih sêpuh | Amat Ngarip angucap | kêlir kang tuwa pribadi | sadèrènge ana dhalang lawan wayang ||
2. anadene kêlir lan dhalang |[67] kapasang balencong mami | wayang gaweane dhalang | milane sêpuh pribadi | tan ana kang dhingini | anadene dhalang puniku |[68] kang
--- 96 ---
karya lêlampahan | nyritakkên ala lan bêcik | asor unggul tan liyan sangking ki dhalang ||
3. gêdhe cilike si damar | ômba ciyute si kêlir | ki dhalang ingkang mrayoga | milane sêpuh pribadi | Ngabdul Manap nauri | Mat Ngarip Dul Jabar iku | pambadhemu iku salah |[69] yèn mungguh pambatang mami | mung kang tuwa puniku ya dhalangira ||
4. upamane wong nanggap wayang |[70] isih kurang têlung sasi | dhalange pan durung ana | panggonane durung dadi | wus ngucap nanggap ringgit | tutur mitra-mitranipun | pan arsa nanggap wayang | nora ngucapna kang kêlir | nora arsa nanggap blencong lawan damar ||
5. wus muphakat janma kathah | kang tinanggap iku ringgit | sadurunge ana wayang | jênênge wus muni dhingin | mila sêpuh kang ringgit | Gatholoco lon umatur | Ngabdul Jabar Dul Manap | tanapi Si Amat Ngarip | têlu pisan pambatangmu iku salah ||
6. yèn mungguh pambatang ingwang | balencong sêpuh pribadi | sanadyan kêlir pinasang | gamêlane wus rumanti | dhalang miyos alinggih | yèn maksih pêtêng gonipun | sayêkti nora bisa | dhalange anampik milih | nyaritakna sawiji-wijine [sawiji-wi...]
--- 97 ---
[...jine] wayang ||
7. kang nonton tan ana wikan | marang sawijine ringgit | margi ing jro papêtêngan | nora kêna dèn tingali | yèn damar sampun urip | katar-katar urubipun | kêlire katingalan | ing ngandhap lawan ing nginggil | kanan keri Pêndhawa lawan Kurawa ||
8. dhalange nèng ngisor damar | bisa nampik lawan milih | mring siji-sijine wayang | tinimbang lawan tinandhing | wontên wujude ringgit | pinantês pangucapipun | margi pituduhira | balencong kang anèng nginggil | pramilane balencong kang luwih tuwa ||
9. kawruh lan kinawruhan |[71] yêkti tuwa kang ningali | klawan kang tiningalan |[72] dhalang wayang lawan kêlir | sapa ingkang ngawruhi | sadurunge damar murub | wêruhe lamun ana | sangking balencong kang urip | iku tôndha balencong kang luwih tuwa ||
10. dene kang gamêlan munya | wayang kang dipun tabuhi | dhalange dêrma angucap | si wayang kang duwe angling | mila gêdhe lan cilik | manut marang dhalangipun | sigêgên gôngsa ika | ki dhalang kang masesani | nanging dêrma ngucap nyolahakên wayang ||
11. awit printahe kang nanggap | ingkang aran kyai sêpi |
--- 98 ---
basa sêpi tanpa ana | anane ginêlar yêkti | langgêng tan owah gingsir | tanpa kurang tanpa wuwuh | tan arah tan panggonan | ingkang luwih masesani | sasolahe si wayang solahe dhalang ||
12. ingkang mêsthi lêlampahan | ingkang ala ingkang bêcik | kang nonton mung kang nanggap |[73] ingkang aran kyai urip | yèn damare wus mati | dadi kabèh iku suwung | tan ana siji apa | lir ingsun duk durung lair | têtêp suwung nora wêruh siji apa ||
13. basa sêpi iku raga | wayange Suksma sajati | dhalange rasul Mukhamad[74] | blenconge wahyuning urip | iku wujude Widi | cahyane urip puniku | nyêrambahi badanira |[75] jaba jêro ngandhap nginggil | wujudira wujude Allah kang murba ||
14. yèn wayang mari tinanggap | wayange kalawan kêlir | sinimpên sajroning kothak | balencong pisah lan kêlir | dhalang pisah lan ringgit | marang ngêndi paranipun | sirnane blencong wayang | upayanên dèn pinanggih | yèn tan wêruh sira urip kaya rêca ||
15. ing benjang yèn sira pêjah | uripira ana ngêndi | saiki sira agêsang | patinira ana
--- 99 ---
ngêndi | uripmu kanthi pati | pati gawa urip iku | ing ngêndi kuburira | sira gawa wira-wiri | gênahêna kang dumunung ênggonira ||
16. guru tiga duk miyarsa | anyêntak sarwi macicil | Gatholoco rêmbugira | iku nora kaprah janmi | Gatholoco nauri | dhasar sun karêpkên iku | aja lumrah janma kathah |[76] punjula samining janmi | nora nrima duwe kawruh kaya sira ||
17. santri ingkang ambêk lintah | nora duwe mata kuping | anggêr amis gandanira | cinucup kongsi malênthing | tan wruh puniku gêtih | amis bacin sarta arus | yèn dikira madu môngsa |[77] wus warêk gènira bukti | nuli mlungkêr sataun tan nêdya mêdal ||
18. wusana praptaning môngsa | tan wêruh andurakani | manut kitab tab-taban |[78] manut dalil tanpa asil | amung ginawe asil | kasisil ing rasanipun | sira kaliru tômpa | tuwas gundhul anjêdhindhil | tanpa asil tanpa wêruh rasa mulya ||
19. amanut dalile kitab | tan kinocap jroning ati | wêkasan kaliru tômpa | dalile kinarya asil | dènira amrih-amrih | tan kasisil rasanipun | amung rasaning ilat |
--- 100 ---
kalawan rasaning pêrji | rasanira ing kawruh nora rinasa ||
20. dene padha duwe mata | loro-loro guru siji | apa sira wani sumpah | yèn duwe netra kêkalih | guru tiga nauri | sayêkti pan wani ingsun | donya têkèng ngakherat | têtêp iku mata mami | Gatholoco gumuyu sarwi anyêntak ||
21. sun kira wong tuwanira | karo pisan padha mukir | loro-loro ngarsa pisan | gawe irung mata kuping | mung krasa klèlèting pêrji |[79] angrasa ing nikmatipun | mung kinarya jalaran | wujude ragamu iki | nora gawe mata kuping rambut mata ||
22. guru tiga saurira | Allah Ingkang Maha Suci | ingkang karya raganira | Gatholoco lon nauri | pêrnah apa sirèki | kalawan Kang Maha Luhur | dene sira pinaringan |[80] mata loro kanan keri | karo pisan padha pinaringan awas ||
23. guru tiga saurira | katrima pamuji mami | Gatholoco asru nyêntak | puji-pujine Hyang Widi | sira nora duwèni | pangucapira sadarum | kabèh ucape Allah | yèn mangkono sira maling | wani-wani kadunungan barang [ba...]
--- 101 ---
[...rang] gêlap ||
24. nora bisa dunungêna | kajêndhêlan ingkang dhiri | pasthine dadi sakitan | nora kêna sira mukir | mêlokira kapanggih | têka ngêndi asalipun | yèn tan wikan matanira |[81] matanira mata mami | nora kêna angukuhi matanira ||
25. sakèh rèhku lakonana | yèn tan manut sun gitiki | karana sira wus salah | kajêdhêgan mêlèk dhiri | iku pan duwèk mami | sira anggo tanpa surup | saingga ingsun kapêthuka |[82] ilange duk jaman gaip | ingsun simpên ana ing têngahing jagad ||
26. saksine si wujut makna | sarina kalawan wêngi | sun rapotake tan ana | sakniki iya pinanggih | iya kang nyimpêni |[83] sira anggo tanpa surup | yèn sira nora suka | sun rapotake pulisi | nora wurung munggah ing rat pêngadilan ||
27. pasthi sira ukum pêksa | yèn bêngi turu nèng bui | guru tiga sarêng mojar | rêmbugan karo wong baring | Gatholoco nauri | salawasira tumuwuh | sadurunge tumindak | sumêdya sêdaya sami | agal alus lêmbut kasar ingsun nalar ||
28. supaya aja kongsi salah |[84] Amat Ngarip ngucap bêngis |
--- 102 ---
rêmbugan karo wong edan | Gatholoco lon nauri | sun edan awit cilik | prapta mangke sampun umur | pan nora waras-waras | sabên dina owah gingsir | nampik milih anêdha kang enak-enak ||
29. pênganggo kang endah-endah | edan ingsun turut margi | nurut margane kamulyan | Ngabdul Jabar ngucap bêngis | apêgêl ati mami | rêmbugan lan asu buntung | Gatholoco angucap | bênêr olèhmu ngarani | bapak bokku kyai buyut miwah canggah ||
30. pan padha buntung sêdaya | tan ana buntut sawiji | bôngsa asu iku asal | buntung iku wus ngarani | ingsun jinise janmi | tan buntut kaya bapakmu | balik sira wong apa | dhasmu gundhul anjêdhindhil | apa Lônda apa Cina apa Koja ||
31. apa sira wong Bênggala | guru tiga anauri | ingsun iki bôngsa Jawa | Mukhamad agama mami | Gatholoco nauri | sira wong kapir satuhu | Krèstên agamanira | lamun sira bôngsa Jawi | apa sababe nora nêbut dewanira ||[85]
32. satuhu nama Mukhamad | agamane wong ing Ngarbi | sira bôngsa têgêsira | iku
--- 103 ---
sira kupur kapir | anêbut liya jinis | krana rusak agamamu | mulane tanah Jawa | kabawah ing liya jinis | awit rusak agamane kuna-kuna ||
33. awit jaman kapir purwa | prapta jaman Majapait | wong Jawa agama Buda | jaman Dêmak iku ganti | nêbut rasulullohi | sêbute wong Arab iku | iku saiki ratu nalar |[86] ninggal agamamu lami | têtêp sira jawa-jawal kapir-kopar ||
34. têgêse kapir kapiran | basa kapir pan kabêsmi | anging amung sakwatara | dadi magol ing saiki | tan nganggo basa Jawi | Mukhamad agamanipun | angaku bôngsa Arab | sira anèng tanah Jawi | têgêsira iku Krèstên bôngsa Arab ||
35. guru tiga duk miyarsa | anyêntak sarwi macicil | Gatholoco sira gila | Gatholoco anauri | sayêkti gila mami | yèn mulat kaya rupamu | manawa yèn katularan |[87] nora duwe mata kuping | wêruhira amung jakat lawan pitrah ||
36. langkung muring-muringira | guru tiga asru angling | nyata sira anak walang | Ki Gatholoco nauri | bênêr iku tan sisip | bapa biyang kaki buyut | sêdaya kêna
--- 104 ---
pêjah | yèn sampun têka ing jangji | padha mulih ing ajale padha ilang ||
37. mênèk sira guru tiga | mêtu sangking rêca sêpi | wujudira tanpa bapa | mila sira tanpa budi | guru tiga nauri | sarêng misuh truk biyangamu |[88] Gatholoco angucap | bangêt trimakasih mami | marang sira guru tiga padha bisa ||
38. sira nuduhkên biyang ingwang |[89] ingsun iki tan udani | duk lair anèng wadonan | mung jrone sun gugoni |[90] myang tôngga kanan keri | si bapa biyang kang ngaku | yèn nganakakên mringwang | padha ingsun sêsungkêmi | iya gene ingsun nora wani sumpah ||
39. iya iku bapa biyang | krana wêruh lair mami | saiki ta sira bisa | nuduhna wong tuwa mami | êndi omaherèki | lawan sapa aranipun | ômba ciyute pira | pêrjine wong tuwa mami | yèn tan wêruh iku ujar ambêlasar ||
40. dene ta pangrunguningwang | wujudipun ing saiki | wujude tanpa lawanan | Allah nora karya mami | dene raganingsun iki |[91]gaweanira Hyang Agung | nalikane ngalam donya |[92] anèng satêngahing bumi | lawan sira kala karya raganira ||
41. sawindu
--- 105 ---
lawan sawarsa | rolas wulan pitung ari | pêndhak pasar lêstari siyang |[93] rolas jam sawidak mênit | bukune kang winarni | kèhipun mung têlung puluh | raganingsun wus dadya | sun wani iku nyampahi | nadyan wruha ingsun iki tau uga ||
42. yèn badanku kêna rusak | urip ingsun angawruhi | parentahe nabining Hyang | rasululloh kang dandani | karan ingsun kêkasih | kinarya Pangeranipun | paring sagung sipat gêsang |[94] angakên sarira tunggil | iya ingsun iya Allah ya Mukhamad ||
43. guru tiga bêngis mojar | sira wani angakoni | tunggal ing Pangeranira | apa kuwasamu iki | Gatholoco nauri | ngawruhi dadine lêbur | kalawan pêparêngan | karsane Kang Maha Suci | ingsun dhewe tan wêruh sawiji apa ||
44. ragaku wujude Allah | angawruhi ing Hyang Widi | tumindak ing karsaning Hyang | obah osiking tyas mami | Mukhamad kang darbèni | pangucap paningal ingsun | panggônda pamiyarsa | dene lesan lawan dhiri | kabèh iku kagungane rasulullah ||
45. ingsun tan duwe apa-apa |[95] mung pangrasa duwèk mami | iku yèn ana sihing Hyang |
--- 106 ---
yèn tan ana sih Hyang Widi | duwèk ingsun mung sêpi | basa sêpi iku suwung | tan ana apa-apa | lir ingsun duk durung lair | têtêp suwung tan ana wruh siji apa ||
46. Ngabdul Jabar aris mojar | sira iku angakoni | wujudku wujude Allah | dene agamaku iki | kêna rusak bilai | nora langgêng wutuhipun | Gatholoco angucap | ingkang rusak iku bumi | kalimputan wujud ingsun ing Pangeran ||
47. ingsun ingkang Maha Mulya | tan kêna rusak bilai | kang langgêng sawarga mulya | tan kêna rusak bilai | kang langgêng suwarga iki |[96] Ngabdul Manap ucapipun | yèn mêngkono iya sira |[97] wruh papêsthèning Hyang Widi | ingkang durung kalampahan apa-apa ||
48. ingsun pasthi raganing Hyang | wayah iki dina iki | jêjagongan lawan sira | mêngko gawe pêsthi maning | yèn sun pasthi saiki | kanggo mêngko lawan sesuk | manawa luwih kurang | susahe tambah ngurangi | ngrusak buku nyêkrap ôngka lawan sastra ||
49. lan ngrusak ing gunggungira | manawa dèn uring-uring | marang ingkang juru nyêrat | gêgajih amung sathithik | guru tiga nauri | pan pasthinira ing besuk |
--- 107 ---
kang durung kalampahan | bêja cilakamu iki | dina apa wayahe gonira bôngka ||
50. sira anèng kuburira | Gatholoco anauri | kuburku iki sun gawa | sabên dina urip mami | pan iya sabên ari | ing sawatêse umurku | yèn wus parêk ing ngajal | sajroning rolas jam iki | ingsun milih dina lawan wayahira ||
51. lamun sun pêsthi punika | asusah golèka pasthi | bêcik sabên ari karya | papêsthène raga mami | kalawan malih mami | anganggo sasênêngipun | manut sênênging manah | dadi nora kurang luwih | nora susah nora cidra ing sêmaya ||
52. Ngabdul Jabar aris ngucap | papêsthène mring Hyang Widi | ingkang durung kalampahan | Gatholoco anauri | iku pasthine Widi | dudu pasthi sangking ingsun | Allohku sabên dina | anggawe papêsthi mami | anuruti iya marang karêpira ||
53. mênèk sira guru tiga | kamiarêng ingkang dadi | mila padha tanpa nalar | guru tiga duk miyarsi | mojar marang Mat Ngarip | Ngabdul Manap lamun rêmbug | wong iki pinatenan | yèn iki awèta urip |
--- 108 ---
nora wurung ngrusak sarak rasulullah ||
54. iku wong bubrah agama | anggawe sêpining masjid | Gatholoco asru mojar | dèn inggal anyuduk jisim | sapisan anyuduk janmi |[98] pindho bathang sira suduk | lamun sida untung apa |[99] mêjahi mring awak mami | amung sira murih lêga atinira ||
55. karana sira angrusak | Gatholoco anauri | sarak tan kêna rinusak | wus pinêsthi ing Hyang Widi | sarate wong abukti | linêbokkên lesanipun | yèn saguh ngrusak sarak | yèn mangan lêbokkên silit | iku têtêp janma kang ngrusak ing sarak ||
56. dene ing basa agama | saksênênge janma urip | sanadyan agama Cina | yèn têrus lair myang batin | yêkti katrima ugi | guru tiga lon amuwus | sira agama kopar | agamamu gama suci | iya iku kang aran agama rasa ||
57. têgêse agama rasa | anurut rasaning ati | rasane baya nèng ilat | iku kabèh sun turuti | nyatane lêgi gurih | pêdhês asin lawan kêcut | pait gêtir kang nyata | sira agama punapi | anauri agamaku rasulullah ||
--- 109 ---
58. Gatholoco asru mojar | patut sira tanpa budi | basa makna iku laras | sun laras ing têgêsnèki | nusul laras kang sêpi | mila sira dadya kumprung | guru tiga duk myarsa | sigra kesah tanpa pamit | sabature garundêlan turut dalan ||
59. pan sarwi anguman-uman | Amat Ngarip muwus aris | Ngabdul Jabar Ngabdul Manap | salawasku urip iki | aja pisan kapanggih | kapapag tuwin kapêthuk | kapapag aku nyimpang | sajroning pangimpèn sêngit | aja kongsi kapêthuk janma ing wuntat ||
5. Pangkur
1. datan kawarna ing marga | guru tiga lampahira wus prapti | ingkang sinêdya ing kayun | pondhok desa Cepekan | apan tiga guru santri kang pinunjul | kang siji Kasan Mustahal | kêkalih Kasan Bêsari ||
2. tiga Kyai Ngabdul Jalal | dadi tunggal paguronira santri | tutur murid tigang atus | wancine bakda ngisa | wus asalat guru tiga wus alungguh | ing langgar arsa mamulang | ingkang tapsir lawan pêkih ||
3. tanapi sagunging kitab | sasênênge santri sawiji-wiji | santri kang lagi sinau | lawan maknane [makna...]
--- 110 ---
[...ne] Kuran | sil-asilan padha karo rowangipun | santri ingkang sampun babrag | ngapalake kitab sikin ||
4. sinêlakan[100] bêbanyolan | gèmbèl gèlèng kinarya purwakanthi | santri ingkang sampun putus | ing lapal maknanira | anêrècèl madoni ing gurunipun | kasaru ing praptanira | Dul Jabar lan Amat Ngarip ||
5. tiga Kyai Ngabdul Manap | sabat nênêm angiring anèng wuri | prapta pêlataran muwus | anêmbung uluk salam | sinauran asalamungalaekum | pra santri atutup kitab | kèndêl gènira angaji ||
6. guru tiga minggah langgar | jawab tangan sarwi aganti-ganti | sawuse tata alungguh | angling Kasan Mustahal | dene dalu napa wontên karya pêrlu | pukul pintên pangkatira | saking pondhok Arjasari ||
7. angling Kyai Ngabdul Jabar | bakda subuh wanci pukul nêm enjing | mila prapta langkung surup | pan kêdangon nèng marga | pabên kalih janma dludur tanpa kusur | Gatholoco wastanira | warnane mêsum jêginggis ||
8. punika setan katingal | anak bêlis bêkta wadung lan linggis | kinarya ngrusak ing kawruh | ing sarak rasunlonllah |[101]
--- 111 ---
ingkang bênêr winadung dimèkne putung | yèn bantah rêbah binubrah | rinayah ingorak-arik ||
9. sakèhe sarak rinusak | sakèh sidik lêbur dèn orak-arik | sakèhing pingil mapêngul | jinawab mung sakêcap | aklagêpan[102] tan bisa mangsuli rêmbug | sakèh kharam rinampasan | ambubrah sarak lan sirik ||
10. tuhu lamun janma nakal | sakèh akal sinrekal amêthakil | sakèhing kawruh kabutuh | sakèh sabab kajawab | sakèh dalil katail lan misilipun | sun mapan-mapan kèdêkan | sumingkrih-singkrih katindhih ||
11. abantah panggah akalah | ora bêtah dènira ngiwi-iwi | sakèhe padu kaburu | sakèh lapal kapengkal | sakèh pisuh padha bisa mangsul mukul | ing sirah ingkang diarah | nêmpiling angarah jiling ||
12. ing kawruh wus kaungkulan | datan sagêd pabên unggul sakêdhik | sun têdha dhatêng Hyang Agung | salawas ingsun gêsang | sampun pisan kapapag lawan kapranggul | yèn kapêthuk ingsun nyimpang | yèn jajar linggih anyingkrih ||
13. sangking pabên kula kalah | jroning ngimpi katon dèn iwi-iwi |
--- 112 ---
Kasan Mustahal angrungu | tanapi Ngabdul Jabar | atanapi Ngabdul Jalal tiganipun | kalangkung dènira duka | pangucapira abêngis ||
14. apatut kang kaya sira | jêr sirèku santri kang tanpa budi | iya kang kaya dhapurmu | santri tanpa dinalar | bênêr gundhul gundhulira gundhul bêntul | buntêt nora duwe nalar | mung jaga malbu kuwali ||
15. nora patut ginuronan | para santri kawruhmu mung sanyari | nora liyan kabisanmu | dhodhok nèng pinggir wisma | gawa kasang wadhah karag lawan sêkul | bisamu dunga kabula | ngaji lamyakunil iki ||
16. môngsa padha lawan ingwang | mila gundhul brondhol kasundhul ngèlmi | mila putih surban ingsun | tètèh sakèh wicara | kalah iki nuli ngambil misil iku | mila kêthuku trancangan | pênjalin dèn anam irig ||
17. kêrigên santri sapraja | datan kewran kawruh asalin-salin | anrawang trus ngisor dhuwur | mila klambi kêbayak | bisa miyak kawruh agal lawan alus | sabuk polèng môncawarna | kawruh ingsun wus mêpêki ||
18. kawruh Lônda Jawa Cina | myang Bênggala Koja Turki lan Kêling | kabèh iku wus kacakup |
--- 113 ---
sun simpên anèng kasang | kawruh Arab ajar timur kongsi lamur | ngèlmu Jawa nora kurang | dhasar ingsun bôngsa Jawi ||
19. mila bêbêd sarung ômba | wus ambêrung ngèlmu kang dakik-dakik | tatela sawijènipun | ngèlmu Arab lan Jawa | mila ingsun nganggo têsbèh langkung alus | tan ana kang amêmadha | pan wikan sawiji-wiji ||
20. mila trumpahku gamparan | saparanku ngungkuli ing sasami | mila êcis têkên ingsun | kumêcis nora cidra | anêrawang jaba jêro ngisor dhuwur | upama ingsun kalaha | mungsuh janma tanpa budi ||
21. sayêkti mamirang jagad | golèkana saiki ana ngêndi | iya Gatholoco iku | ingsun arsa wuninga | ing warnane manusa kang ora urus | Amat Ngarip saurira | ing mau sapungkur mami ||
22. tut wingking lampah kawula | kula kintên waktu dalu puniki | sipêng ing Pak kitha pungkur | angling Kasan Mustahal | yèn rinaa ingsun jèwèr kupingipun | sanadyan bantah kawruhnya | yèn kalah lambe sun pancing ||
23. sun karya pangewan-ewan | tan kawarna wuwusên wanci enjing | bakda subuh apan nuduh |
--- 114 ---
santrènira têtiga | ulatana Gatholoco dèn katêmu | gawanên ing ngarsaningwang | santri katri gya lumaris ||
24. datan kawarna ing marga | lampahira santri tiga wus prapti | ing Ngêpakan kitha pungkur | malêbêt ing patopan | aningali janma bawuk awak busuk | tinakonan namanira | kang ran Ki Gatholocèki ||
25. anauri iya ingwang | santri angling dika dèn undang kyai | gurune santri sadarum | pondhok dhusun Cepekan | Kyai Kasan Mustahal pangagêngipun | Kyai Ngabdul Jalal ika | lan Kyai Kasan Bêsari ||
26. kiringa lampah kawula | Gatholoco saurira abêngis | ingsun iki lagi ewuh | lan bangêt pêtagihan | lamun sira paripaksa ngundang mring sun | ingsun nyilih kêthunira | sun gawèkake rumiyin ||
27. ing candu têka rong timbang | ananging sira têbusa pribadi | yèn wis krasa êndêmipun | kang têmên êndêmira | yèn asuka ingsun gêlêm ya lumaku | apan mêkruh najis ingwang | katêmu gurumu iki ||
28. santri tiga duk miyarsa | muring-muring sarwi anênudingi | yèn nora awèh kêthuku | sayêkti tan lumampah | nora wurung nêmu dukane guruku |
--- 115 ---
upama ingsun wènèhna | bangêt camah awak mami ||
29. nadyan camah awak ingwang | anggêr olèh alême guru mami | sigra gènnya mringkên kêthu | dèn enggal gadhèkêna | gya tinampan payune rong timbang candu | sinêrèt sarwi ajigang | nglèyèh bantalane dhingklik ||
30. wus tutug panyêrètira | bududane[103] tumulya sinangkêlit | Gatholoco gya lumaku | kairing santri tiga | sampun prapta ing Cepekan pondhok agung | Kyai Kasan Mustahal |[104] lan Kyai Kasan Bêsari ||
31. samana Kasan Mustahal | sarêng mulat janma kang lagi prapti | Kasan Mustahal amuwus | marang Ki Ngabdul Jalal | lawan Kyai Kasan Bêsari tinantun | janma mangkono rupanya | tan pantês parêk lan mami ||
32. tan pantês munggah ing langgar | gawe mêkruh lawan agawe najis | Kasan Bêsari amuwus | nadyan mêkruh najisa | jêr têkane ing kene têka karêpmu | lah gawanên munggah jrambah | ing langgar kang rada têbih ||
33. lan aja parêk lan ingwang | yèn wis lunga tilase dèn bêrsihi | Kasan Bêsari amuwus | janma ala munggaha | lungguh jrambah êlor wêtan pêrnahipun |
--- 116 ---
sigra amunggah ing langgar | kadhêpêk nulya alinggih ||
34. wêkas lor sarwi lendhehan | bêdudane mêksih dipun sangkêlit | sigra arsa ngambil latu | ngakêp rokok têgêsan | gêng sadriji kukusnya kumêlun-kêlun | mratani jrambahing langgar | gandanya apêk asangit ||
35. para santri tutup grana | kang sawênèh anyingkrih gènnya linggih | Kasan Mustahal amuwus | lah sapa aranira | anauri Gatholoco aran ingsun | Ngabdul Jalal aris mujar | apa kang sira sangkêlit ||
36. iki sanjata watangan | watangane nyipat nalar kang silip | anadene pêntholipun | puniku aran cupak | ingsun karya mapaki kawruh kang punjul | ênale ingaran sêrak | sarati sunya ring pikir ||
37. lantake puniku aran | pangot urik sun karya rêk-ngurêki | tyase wong kang bangêt cubluk | bungkêl tan wêruh nalar | dimèk mari bêngak-bêngok esuk-esuk | obat candu lan bakalnya | ron awar-awar kinardi ||
38. têgêse arang kang tawar | yèn kasêmpyok urube obat mimis | gêglintiran madatipun | dèn lêbokkên bolongan |
--- 117 ---
yèn wis isi panitise damar murub | lesane pucuking ilat | sêntile napas lumaris ||
39. jêthote aran datullah | sirnanipun santri dadi sawiji | manjing marang cêthak ingsun | rumasuk marang badan | nyêrambahi kulit daging balung sungsum | tyas ingsun padhang nêrawang | tan kewran saliring pikir ||
40. Kasan Mustahal sru mujar | sira nêdya mapaki kawruh mami | sira wani nguwus-uwus | sarak jêng rasulullah | apa sira dudu makhluke Hyang Agung | kalamun sira mukira | umate Mukhamad Nabi ||
41. Gatholoco saurira | luwih-luwih karêpe kang ngarani | yèn sira ngarani dudu | umatira Mukhamad | nyata dudu apan iki raganingsun | wujud Rasul Mukhamadan | lamun sira angarani ||
42. dudu makhluke Pangeran | nyata dudu apan ragèngsun iki | wujud sipating Hyang Agung | Gatholoco tan ana | pan nglimput awor sipating Hyang lan rasul | lah ta sira aranana | Si Gatholoco kang êndi ||
43. raganingsun sipatullah | pan sakojur darbe aran pribadi | lah mara dumukên iku | lan sira aranana | ingkang êndi Gatholoco wujudipun |
--- 118 ---
kang wus murca padha ana | anane padha saiki ||
44. gonku umpêtan jro padhang | wujud ingsun ya aran ingsun iki | tan rusak salaminipun | langgêng amulya nrawang | lamun sira angarani umat rasul | nyata sun umat Mukhamad | lamun sira angarani ||
45. ingsun makhluke Pangeran | nyata makhluk karana ingsun iki | panggonaningsun anglimput | sajroning sipatullah | lawan ingsun solah muna-muni ingsun | sêdaya sangking Pangeran | tan darbe karsa pribadi ||
46. lir sarah munggèng samodra | lumembak karsaning Hyang Maha Luwih | Ki Ngabdul Jalal amuwus | padune wong kaparat | buwang adat angrusak pranata rasul | janma mangkono padunya | pantês dipakani tai ||
47. Gatho alon saurira | wêtêng ingsun iki wus isi tai | tan sudi mangan taimu | sun kira ora enak | Ngabdul Jalal angling apa sira iku | tan ajrih manjing naraka | nora melik manjing swargi ||
48. Gatholoco saurira | kaya apa gon ingsun nampik milih | wus pinasthi ing Hyang Agung | sakèhing karusakan | apan iku dadi duwèke wong lampus | dene sakèhe [sakèh...]
--- 119 ---
[...e] kamulyan | dadi duwèke wong urip ||
49. yèn wong gêsang iku susah | mêtu sangking tekadira pribadi | ingkang karya susahipun | dene kang Maha Mulya | sipat murah adil ukum duwèkipun | nanging kabèh sipat samar | tan kêna tinon ing lair ||
50. Gatholoco malih mojar | adoh-adoh ingkang sira rasani | suwarga naraka iku | saiki wus katingal | sapa ingkang mulya kauripanipun | yaiku suwarga dunya | sapa apês kala urip ||
51. yaiku naraka dunya | santri tiga pangucapira bêngis | sawarga naraka besuk | iya ing dalêm kerat | Gatholoco nauri sarwi gumuyu | biyèn besuk ora ana | ingkang ana mung saiki ||
52. bedane adoh lan parak | kabèh-kabèh iku pan wus kawuri | windu nênêm taun wolu | mung rolas wulanira | dina pitu pasaran lima puniku | miwah wuku tigang dasa | wus kalungguhan saiki ||
53. santri tiga sarêng mojar | nyata nakal rêmbuge janma iki | maido karsa Hyang Agung | lan sarak rasulollah | wajibira pinatenan wong puniku | yèn iki awèta gêsang |
--- 120 ---
anggawe sêpining masjid ||
54. Gatholoco aris mojar | nora susah sira matèni mami | kang kalawan waos dhuwung | saiki sun wus pêjah | santri tiga sugal ing pamuwusipun | amung lagi tatanira | wong mati cangkême criwis ||
55. awake wutuh lir rêca | Gatholoco bêngis dènnya nauri | yèn patine khewan iku | nganti gogroging badan | yèn matia aking patinira kayu | ingkang nukma dadi setan | ingkang mungguh kaya mami ||
56. ora wujud nora ilang | dina iki uga aku wus mati | kang mati hawa napsuku | kabèh iku kang salah | ingkang urip budi pangêrti kang jujur | pisahe raga lan suksma | kinarya tôndha ing lair ||
57. puniku kang aran sadat | pisahira kawula lawan Gusti | êsah pisah têgêsipun | dados roh rasulullah | yèn wis pisah raga lawan suksmanipun | rasa-pangrasa lan cahya | panggonane ana ngêndi ||
58. santri tiga saurira | raganingsun luluh awor lan bumi | rasa myang pangrasaningsun | miwah cahyaku gêsang | pan ginawa marang iku suksmaningsun | munggah marang ing sawarga | Israpil ingkang
--- 121 ---
angirit ||
59. lamun suksmane wong Islam | kang nêtêpi salat limang prakawis | lan bêtah pangajinipun | dêrês kitab lan Kuran | anêtêpi sadat jakat pitrahipun | puasa wulan Ramêlan | tinarima ing Hyang Widi ||
60. ingunggahake sawarga | krana anut prentahe kangjêng nabi | kabèh olèh-olèhipun | kang wus kasêbut ngarsa | lamun suksmaning kapir kang datan manut | sarake jêng rasulullah | linêbokake yumani ||
61. krana mukir ing panutan | têtêp iku suksma satruning Widi | Ki Gatholoco gumuyu | dene ta Gusti Allah | duwe satru janma kapir aranipun | yèn mangkono sira padha | maido kodrating Widi ||
62. maido karsanirèng Hyang | goning karya asnapun ing sabumi | anane kapir puniku | sapa kang karya kopar | lawan sapa ingkang karya uripipun | kang karya bêja cilaka | pan amung Allah pribadi ||
63. upama Allah duwea | satru kapir kang murtab[105] ing Hyang Widi | bêcik sadèrènge wujud | aja diwujudêna | marang Allah dadi nora duwe satru | yèn mangkono Allahira | bodho [bo...]
--- 122 ---
[...dho] nora duwe budi ||
64. dhêmên karya kasusahan | ngadu-adu Islam kalawan kapir | beda kalawan Allahku | mupugi ing aguna | anuruti sakarêpe mahkhlukipun | nora ana kapir Islam | mung beda ingkang agami ||
65. têgêse aran agama | pan pênganggo bêkti marang Hyang Widi | lah iya sasêmbahipun | anggêr trus atinira | nora salin agamane luhuripun | sapa kang salin agama | nampik agamane lami ||
66. yaiku kapir kang nyata | krana nampik papêsthèning Hyang Widi | kaya agamamu iku | nampik murtat luhurnya | sasat nampik papêsthènira Hyang Agung | agama wus dèn pêpinta | ing jinis sawiji-wiji ||
67. nora kêna yèn nampika | pasthi rusak apês ingkang pinanggih | wong Arab agama rasul | Lônda agama Ngisa | yèn wong Cina brahala agamanipun | wong Jawa agama Buda | kaowah susah pinanggih ||
68. lawan sira bisa kôndha | suksmanira kapir manjing yomani | suksmane wong Islam iku | kabèh manjing sawarga | apa sira dhewe wus nglakoni lampus |
--- 123 ---
wus wêruh swarga naraka | sira nyipati pribadi ||
69. Kasan Mustahal angucap | kang kasêbut ing jrone kitab mami | Ki Gatholoco gumuyu | sira santri kaparat | ngandêlake unine dluwang mangsimu | nurut bukune wong sabrang | dudu tinggalan laluri ||
70. bok muni bicara Arab | bukunira dhewe tan dèn opèni | sakèhe kabisanamu | kang sangking kitab sabrang | sira anggo olèh-olèh benjang lampus | sira aturna Pangeran | sakèhe puji lan dhikir ||
71. apa bisa katrimaa | sabab iku kagungane pribadi | sakèhe puji dhikirmu | kabèh pangucapira | kabèh iku kagunganira Hyang Agung | môngka sira aturêna | bali marang kang darbèni ||
72. mênèk tambah nêmu duka | krana kabèh iku Allah wus mangêrti |[106] kang sarta kagunganipun | angling Ki Ngabdul Jalal | sira iku maido kitabe rasul | Gatholoco saurira | tan pisan maido mami ||
73. sawuse sira tumingal | warnanira dluwang kalawan mangsi | lah landratên ing batinmu | rasa kang sangking sastra | lan malihe sira mau wus angaku | ing
--- 124 ---
benjang yèn sira pêjah | anggawa sangu pribadi ||
6. Asmaradana
1. sira mau wus ngakoni | ing benjang yèn sira pêjah | rasane badanmu kuwe | kalawan cahyamu gêsang | obah osiking manah | kang gawa marang suksmamu | munggah ing sawargaloka ||
2. Ngijrail ingkang angirit | sowan mring kang Murbèng Jagad | yèn mangkono sira kuwe | tan ngêmungakên ing donya | olèhmu dadi bangsat | anèng kerat dadi pandung | gawa dudu duwèkira ||
3. sira anèng donya iki | kadunungan barang gêlap | tan rumôngsa kagungane | sira anggo sabên dina | wusana anèng kherat | dudu-dudu duwèkipun | donya kherat sira bangsat ||
4. tanpa gawe jungkar-jungkir | asêmbahyang madhêp keblat | ting carumik gêmbar-gêmbor | angucap usolli parlan | têgêse ingkang lapal | kawruhana asalipun | urip prapta kaelangan ||
5. sira padha kliru tampi | ngawruhi ing salat wayah | subuh luhur lan ngasare | mahrib lawan ngisa ika | iku tanpa gawea | sipat urip duwèk ingsun | kabèh padha wêruh wayah ||
--- 125 ---
6. yèn mangkono sira iki | mung mangeran wayahira | tan mangeran ingkang gawe | ing dalu kalawan siyang | pijêr anggugu wayah | tan pisan mikir awakmu | urip prapta kaelangan ||
7. rasane badanmu iki | kagungane rasulullah | cahyane uripmu kuwe | kagungane ing Pangeran | obah osiking manah | Mukhamad kang duwe iku | duwèkmu amung pangrasa ||
8. dene sira gawa iki | nora sira aturêna | bali marang ingkang darbe | yèn sira maksih anggawa | titipan tri prakara | apa sira bisa lampus | santri tiga duk miyarsa ||
9. kêthune dèn banting-banting | mring ngêndi gone ngulèhna | asêngol ing pangucape | tan karasa atêtômpa | titipan tri prakara | Ki Gatholoco gumuyu | sira urip titip mata ||
10. upama padhanging sasi | asale sangking ing surya | sirna kagawa srêngenge | dene ta padhanging wulan | asale sangking wulan | sirna kagawa ing santun | bali marang asalira ||
11. guru tiga ngucap bêngis | apa sabab rasanira | lan cahyamu urip kuwe | lan obah osiking manah | tan sira
--- 126 ---
ulihêna | marang kang darbèni iku | Gatholoco asru nyêntak ||
12. apan ingsun nora wani | ngulihake durung môngsa | yèn tan ana pamundhute | manawa ingsun anêdha | nampik pasihaning Hyang | manawa kêna sêsiku | guru tiga aris mujar ||
13. kang kasêbut kitab mami | sangking nabi rasulollah | muni sarta mrentahake | sakèhe umat Mukhamad | lanang wadon sadaya | kang wus padha tutug ngumur | wajib padha nglakonana ||
14. asalat limang prakawis | subuh luhur lawan ngasar | mahrib lan waktu ngisane | salat subuh rong rêkaat | sujud mring Nabi Adam | mila sinujudan iku | sabab iku Nabi Adam ||
15. bapake sakèhing janmi | pinaringna ing Hyang Suksma | salat luhur rêkaate | papat ingkang sinujudan | Jêng Nabi Brahim ika | sabab wakile Hyang Agung | pramilane sinujudan ||
16. pan dadi pangeling-eling | sakèhe manungsa donya | lamun nêmu susah gêdhe | sayogya padha sujuda | marang kang Maha Mulya | kaya Nabi Yusup iku | nalika dèn untal mina ||
17. anèng têlênging jaladri | sujud mring kang Maha Mulya |
--- 127 ---
bisa luwar pakewuhe | kang salat mahrib punika | apan tigang prakara | kang sinujudan puniku | Nabi Musa kalamollah ||
18. mulane dipun sujudi | Nabi Musa kalamollah | krana Nabi Musa kuwe | angakên utusaning Hyang | dene kang salat ngisa | patang rêkaat puniku | dununge kang sinujudan ||
19. Nabi Musa rohkhullahi | pramilane sinujudan | dene Nabi Ngisa kuwe | ingkang dèn akên rohkhullah | mila Nabi Mukhamad | umatnya kinèn asujud | mring nabi kang kasbut ngarsa ||
20. Gatholoco anauri | yèn mangkono nabinira | rasulollah asor dhewe | dene umate sadaya | kinèn samya sujuda | marang nabi liyanipun | tan sujud ing jênêngira ||
21. dene sira anuruti | parentah kang ora pêrnah | yèn mangkono sira kuwe | dudu umat rasulullah | dene panêmbahira | marang nabi liyanipun | tan nêmbah Nabi Mukhamad ||
22. mangkono pangrungu mami | kangjêng nabi rasulullah | angrusak sakèh sarake | kang para nabi sadaya | sawuse Nabi Adam | anut Ngisa Musa iku |
--- 128 ---
Ibrahim sarengatira ||
23. kabèh padha dèn salini | marang Jêng Nabi Mukhamad | sapa kang isih ngèstokke | sarengate nabi lima | têtêp ing kupurira | dene sêmbahira iku | tan nêmbah Nabi Mukhamad ||
24. santri tiga lon nauri | salat witri aranira | iya sakobêr-kobêre | anêmbah Nabi Mukhamad | iku dalile kitab | Ki Gatholoco gumuyu | padha sira kliru tômpa ||
25. yèn mangkono sira iki | dudu umat rasulullah | dene maksih ngestokake | sujud marang nabi liyan | êndi panêmbahira | mring Nabi Mukhamad iku | guru tiga saurira ||
26. sêmbah ingsun salat jati | iya ing samôngsa-môngsa | Ki Gatholoco saure | sira santri ambêlasar | môngka Nabi Mukhamad | punika nabi panutup | tunggule nabi sadaya ||
27. prentahe iku tan sisip | ingkang wus dipacak kitab | salah sangking sira dhewe | kinèn sujud kaping lima | ing dalêm salawe jam | esuk wayah wêktu subuh | kinèn sujud marang Adam ||
28. iku dudu Adam Nabi | Adam suwung sujudana | suwung kang langgêng anane | pramilane [pramila...]
--- 129 ---
[...ne] sinujudan | dene luwih kuwasa | ngilangke pêtêng puniku | kagêntos padhange surya ||
29. sujud bangêt trimakasih | dene Hyang Kang Maha Mulya | amujudakên srêngenge | amadhangi sabuwana | sangsaya lama-lama | surya iku dadi luhur | ngungkuli jagad sadaya ||
30. panase saya ngluwihi | awit kuwasane Allah | surya iku darma bae | sakehe manungsa dunya | kalangkung susahira | marga surya panasipun | Nabi Mukhamad parentah ||
31. mring sagung umate sami | kabèh padha asujuda | mring Hyang Kang Murbèng Alame | kathahe patang rêkaat | padha sira nuwuna | sudane ing panasipun | puniku ponang baskara ||
32. lan sira nuwuna malih | linanggêngna kaluhuran | kadya luhure srêngenge | lama-lama kang baskara | tumurun saya andhap | dadi asor pêrnahipun | wong akèh ngarani asar ||
33. Nabi Mukhamad ningali | parentah ing umatira | sira padha sujud mangke | sira padha nanuwuna | langgêng anane surya | lan padha nuwuna iku | langgêng kaluhuranira ||
34. supaya Kang Maha Suci | aja ganjar asorira | linanggêngkên kamulyane |
--- 130 ---
lama-lama kang baskara | tumurun saya andhap | dadya ingaranan surup | padha sira sumurupa ||
35. kuwasanira Hyang Widi | bisa gawe pêtêng padhang | bisa gawe luhur asor | kang padhang têgêse gêsang | pêtêng têgêse pêjah | Nabi Mukhamad andulu | parentah ing umatira ||
36. padha asujuda sami | marang Hyang Kang Murbèng Alam | dene luwih kuwasane | bisa gawe pêtêng padhang | lan karya pêjah gêsang | bisa gawe asor unggul | lama-lama kang baskara ||
37. sorote datan kaèksi | pêtênge saya katara | amratani jagad kabèh | sakèhe kang sipat gêsang | iku susah sadaya | sabab sangking pêtêngipun | amarga suruping surya ||
38. manawa tan mêtu malih | Nabi Mukhamad parentah | marang umatira kabèh | sira padha asujuda | marang Hyang Kang Maha Mulya |[107] anuwuna padhang iku | dikadya padhanging surya ||
39. umat sadaya nuruti | nuwun marang Pangeran |[108] sarwi nangis panuwune | mulane ingaran ngisa | têgêse kang ran ngisa | nuwun mring Hyang Maha Luhur | sira anuwuna padhang ||
40. umat sadaya nuruti | nanuwun marang
--- 131 ---
Pangeran | lawan nangis panuwune | kamurahane Pangeran | amujudake wulan | pêtênge inggih puniku | anging sêparo binuwang ||
41. kagêntèn padhange sasi | sakèhe manungsa suka | mila mring wulan cahyane | padhang sarta nora panas | cacade mung sisihan | mila ingaranan santun | salin warna sabên dina ||
42. têgêse sasi sasisih | Ngabdul Jabar asru mojar | kitab apa pathokane | Gatholoco saurira | bahrul kalbi aranira |[109] têgêse bahrul ya laut | têgêse kalbiku manah ||
43. ati kang kaya jêladri | jêmbar jêro tan watêsan | lan malih akèh isine | Kasan Bêsari atanya | dene nora sêmbahyang | Ki Gatholoco amuwus | sêmbahku langgêng tan pêgat ||
44. sujud ingsun sujud angling | keblatku têngahing jagad | barêng napasku sujude | ingkang mêtu bun-êmbunan | sêmbahku mring Pangeran | ingkang mêtu kêtêg ingsun | sêmbahku marang Mukhamad ||
45. ingkang mêtu lesan mami | sêmbahku mring rasulollah | kang mêtu irung ta kiye | kang dadi têrsandhanira | iku taline gêsang | pramilane napas ingsun |
--- 132 ---
sêbute pan Allah Allah ||
46. angling Ki Kasan Bêsari | duk rasul lan sabatira | iku durung linairake |[110] lintang wulan lawan surya | ngalam donya wus ana | yêkti lawan suryanipun | kalawan Nabi Mukhamad ||
47. Ki Gatholoco nauri | sira santri tanpa mata | kuping irung nora duwe | lan tan duwe nyêng-unyêngan | tan wêruh tan miyarsa | marang sasêbutanipun | puniku kitab Ambiya ||
48. ingkang tinitah kariyin | punika cahya Mukhamad | apan kalawan sabate | apan wujudira samya | nèng jroning lintang johar | môngka lair johar iku | wadhahe êroh sêdaya ||
49. babone sakèhing urip | dadya sangking nur Mukhamad | lintang wulan srêngengene | tan liyan ing wêdalira | pan sangking nur Mukhamad | môngka lintang johar iku | dadya pusêre Mukhamad ||
50. yèn sira maido sami | dadya napèkakên sira | mring Kuran sasêbutane | santri tiga duk miyarsa | rumôngsa kaungkulan | sarêng ing pamuwusipun | Gatholoco wis minggata ||
51. sira tundhung marang ngêndi | sun lungguh langgare Allah | dhasar wus pêrnah ênggone | ana
--- 133 ---
satêngahing jagad | sênêng ingsun kalintang | ngênggoni jigang lan udud | santri tiga asru nyêntak ||
52. aja kakehan cariwis | dèn enggal sira lungaa | balêbêgên kuping ingong | Gatholoco saurira | ingsun tan nêdya lunga | yèn sira tan asung sangu | arta kalih wêlas perak ||
53. praptaningsun anèng ngriki | awit sangking karêpira | dudu karêp ingsun dhewe | Gatholoco sigra riyak | ilêr umbêl dleweran | dèn usapkên langgar iku | kanan keri gèning lênggah ||
54. santri tiga aningali | langkung gigu ênêkira | Kasan Bêsari lingnya lon | jêr sira Kasan Mustahal | ngundang wong kurang ajar | mêngko têmah gawe rusuh | bêcik nuli ingopahan ||
55. dhuwit kalih wêlas rispis | dimèkne tumuli lunga | yèn suwe ana ing kene | mundhak iku karya camah | mêmirang opah-opah | nulya ingulungan sampun | arta kalih wêlas perak ||
56. adhikut dènnya nampani | winadhahan kasangira | lah palale Allah kiye | tanganira kalih pisan | prasamya ingusapan | riyak umbêl pan [pa...]
--- 134 ---
[...n] sêdarum | majêng ngajak sêsalaman ||
57. santri tiga anampani | sawusira sêsalaman | pamit mudhun sing langgare | prapta latar nolèh wuntat | santri tiga wuninga | asta gubras umbêl idu | ilêr atanapi riyak ||
58. gêbrès-gêbrès kirig-kirig | anyêbut astaghpirolah | pra santri guguk guyune | santri tiga sarêng ngucap | iku wong kêna laknat | muga kênaa babêndu | musibate rasulullah ||
59. Gatholoco ngiwi-iwi | mungkur sarwi cêcekotan | apêpincangan lakune | prapta jawine karangan | lajêng ing lampahira | ing Ngêpakan kang jinujug | tuku candu rolas perak ||
60. pitung dina pitung bêngi | tan lunga sangking Ngêpakan | sawuse têlas candune | Ki Gatholoco gya kesah | sakèhe santri desa | mêrbot modin miwah kaum | binantahan kawruhira ||
61. amung dènnya mêmoyoki | yèn dèrèng sinungan arta | têtukon candu sagodhong | sabên dina pan mangkana | kinarya pêngasilan | Gatholoco anggitipun | angrasa gambuh pribadya ||
7. Gambuh
1. apan ta kalantur-lantur |[111]
--- 135 ---
Gatholoco dènnya lumaku |[112] sakèh pondhok guru santri dèn lurugi | binantah ing kawruhipun | yèn kalah dipun papoyok ||
2. wênèh dipun wus-uwus | kapok kawus santri kang tan urus | wus dilalah karsane Kang Maha Luwih | Ki Gatholoco kalimput | mêngku têkabur ing batos ||
3. pangrasanira iku | sapa mênang padon kambi aku | padu kawruh ingsun wus punjul sasami | dadya nêmu ing sasiku | dinukan marang Hyang Manon ||
4. kang sipat samar iku | Gatholoco tan rumôngsa iku | yèn andulu kang bôngsa lair lan batin | kaelokane Hyang Agung | karya lakon langkung elok ||
5. Gatholoco kalantur | pan kasasar munggah marang gunung | Endragiri wastanira ingkang wukir | sakèh ajar cantrik gunung | binantah kawruhe kawon ||
6. jêjanggan lan para wiku |[113] rêsi buyut masèng manguyu |[114] dèn lurugi abantah kawruherèki | yèn kalah dèn uwus-uwus | datan wis dènnya mamoyok ||
7. kalamun dèrèng sinung | tukon candu rong timbang kèhipun | pês-apêse timbang dipun tampèni |[115]
--- 136 ---
saya camah kawruhipun | ya ta ganti winiraos ||
8. ing Endragiri gunung | wontên endhang gêntur tapanipun | apêparab Rêtna Dèwi Pêrjiwati | pan kalawan endhangipun | ayu-ayu maksih anom ||
9. kang sêpuh aranipun | ingkang aran Êmban Turukgêmbuk | Ni Bok Êmban Dudulmêndut kang taruni | sami anom sêpuhipun | cantrikira kalih wadon ||
10. kang sêpuh wastanipun | ingkang aran cantrik Jidulmêndut | ingkang anom Nonokbotol ingkang nami | samya gêntur tapanipun | nèng ngarsa Gusti tan adoh ||
11. de padhepokanipun | kang ingaranan Cêmara Jamus | pêrtapane guwa sèluman awêrit | langkung samar wingitipun | pan nora sêbarang kang wong ||
12. tan ana wikan ing ngriku |[116] yèn tan antuk sihira Hyang Agung | dèn idèni marang kang rumêksa rêdi | Hyang tanpa uni anglimput | dhepok guwa bisa katon ||
8. Sinom
1. Gathèlpanglus kang satunggal | loro Ki Gathèlpangisik | ingkang wis misuwur kathah | mupakat môncanagari | pan nora ana kalih | Kangmas Gatholoco ingsun | Nonokbotol miyarsa |
--- 137 ---
gumujêng atutup lathi | pan angangge kangmas sasêbatanira ||
2. samôngsa ingsun undanga | gêguyu angaku rabi | polahe nuli naracak | nyalunthang angaras pipi | mêk-êmêk prêmbayun kalih |[117] lan lus-êlus sirah ingsun | iku wong kêna laknat | dhapurmu mêsum jêginggis | nora layak kulitmu bêsisik mangkak ||
3. pan ala ratuning ala | jêjêmbêri anèng bumi | salawas ingsun nèng donya | durung pisan aningali | janma kadya sirèki | asaru ratuning saru | baya wis takdiring Hyang | ana janma prapta siji | warnanira asaru ala tur kiwa ||
4. ewadene lamun sira | bisa jawab sual mami | lan suale gustiningwang | kêkasih Sang Pêrjiwati | lan sualira iki | êmban lawan cantrikipun | nadyan ala warata[118] | Gustiku Sang Pêrjiwati | saêmbane kalih miwah cantrikira ||
5. pasthi dadi jodhonira | wirang isin sun lakoni | Gatholoco aris mujar | apa sira tan nyidrani | gusti saêmbannèki | apa sira wani tanggung | kalamun nora cidra | sun jawabe padha mangkin | lah ucapna kaya pa cangkrimanira ||
--- 138 ---
6. Nonokbotol asru mujar | ana wit agung sawiji | papat godhongira rolas | kêmbange datanpa wilis | wohe amung kêkalih | mung sawiji trubusipun | ginrêmalu pangira | puniku ingkang sawiji | anadene cangkrimaku kang satunggal ||
7. ingsun ningali maesa | kathahe amung kêkalih | nanging têlu sirahira | mara badhenên kang titis | Gatholoco miyarsi | purak-purak tan sumurup | malênggong aplingukan | kêcap-kêcap angucêmil | Nonokbotol guyunira latah-latah ||
8. sira manèh yèn bisaa | anjawab cangkriman mami | dhapurmu ala tur kiwa | Gatholoco anauri | buh bênêr êmbuh sisip | kang dadi pêmbatang ingsun | iku cangkrimanira | yèn salah ja ngisin-isin | sun badhene puniku cangkrimanira ||
9. padha sira sêksènana | wong papat kang anèng ngriki | sun jawabe yèn tan lêpat | Nokbotol cangkrimannèki | wit agung mung sawiji | iya iku têgêsipun | papat iku keblatnya | godhong rolas iku sasi | trubus nênêm windu pange wolu warsa ||
10. kêmbang tan winilang lintang | woh loro [lo...]
--- 139 ---
[...ro] surya lan sasi | puniku ingkang satunggal | dene ta ingkang sawiji | sira iku ningali | kêbo loro êndhas têlu | iku wus dadi lumrah | kêbo ngalam donya iki | lanang wadon kêtêl wulu sirahira ||
11. Ki Gatholoco angucap | apa bênêr apa sisip | puniku pambatang ingwang | mring cangkrimanira iki | Nonokbotol miyarsi | yèn kajawab sualipun | mundur gènira lênggah | sêdhot mungkur sarwi nglirik | bari ngucap yèn wis kalah bantah ingwang ||
12. ingsun urus arahira | Jidhulmêndut kang gumanti | wus ajêng-ajêngan lênggah | Gatholoco lingnya aris | apa sualmu iki | sun jawabe yèn tan luput | Jidhulmêndut angucap | punika cangkriman mami | lah badhenên kang pratela jawabira ||
13. ing ngêndi prênahe iman | ing ngêndi prênahe budi | ing ngêndi prênahe kuwat | apa kang ngluwihi pait | miwah kang luwih manis | luwih atos saking watu | apa kang luwih jêmbar | sangking jêmbare kang bumi | apa ingkang luwih luhur sangking wiyat ||
14. apa ingkang luwih panas | sangking panase kang api | luwih adhêm sangking toya | luwih pêtêng sangking
--- 140 ---
wêngi | êndi kang ran ningali | lan êndi kang luwih luhur | êndi kang luwih andhap | apa ingkang luwih gêlis | akèh êndi wong gêsang lawan wong pêjah ||
15. wong sugih lawan wong nistha | tyang jalu lawan wong èstri | tyang kapir lawan wong Islam | puniku akèh kang êndi | lawan ingsun ningali | ana siji manuk platuk | wraksa kang kathotholan | lawas-lawas sun tingali | platuk iku dadi awak-awakira ||
16. Gatholoco duk miyarsa | api-api tan mangêrti | Jidhulmêndut latah-latah | Ki Gatholoco mêrngingis | wusana muwus aglis | pêrnahing iman puniku | anèng jantung gènira | ing utêk pêrnahing budi | otot balung punika pêrnahing kuwat ||
17. pêrnahe wirang ing netra | ing donya kang luwih pait | atine wong kang mêlarat | dene ingkang luwih manis | atine wong kang sugih | dening wong kang luwih dumuh | wong blilu tan wêruh sastra |[119] dene kang aran ningali | iya janma kang wikan ngèlmuning Allah ||
18. kang êndi kang luwih panas | ing donya kang luwih gêlis | ingkang luwih bungahira | iku pamarning[120] Hyang Widi | kang ômba luwih bumi | punika pandêlêng iku |
--- 141 ---
landhêp luwihing braja | iku atine wong laip | ingkang adhêm luwih toya ati sabar ||
19. kang luwih atosing sela | atine wong dhangkal pikir | atinira wong brangasan | ingkang panas sangking gêni | wong jalu lan èstri |[121] yêkti kathah èstrinipun | sanadyan lair lanang | tan wêruh têgêse laki | sasat èstri yêktine janma punika ||
20. wong mati lawan wong gêsang | sayêkti kathah wong mati | sanadyan wujude gêsang | yèn tanpa budi pangêrti | yêktine sasat mati | wong sugih lan nistha iku | yêkti kathah kang nistha | nadyan sugih mas lan picis | lamun bodho kawruh lawan batinira ||
21. sayêktine iku nistha | tan duwe pakêrti benjing | yèn sira ing rahmatullah | wong Islam kalawan kapir | nadyan Islama lair | yèn tan ana anggitipun | kalamun datan wikan | pêrnatanira agami | têtêp kapir yêktine janma punika ||
22. dene ta cangkrimanira | sira iku wus ningali | kang pêksi platuk satunggal | anotholi kayu aking | yèn wus ganêp sêsasi | platuk iku karyanipun | kayu kang thinotholan | bolong sêdhêng
--- 142 ---
dèn lêboni | iya iku karyane ginawe omah ||
23. lamun wus ganêp sawulan | yêkti sêdhêng dèn lêboni | Jidhulmêndut amiyarsa | yèn kajawab bantahnèki | angucap jroning ati | katiwasan raganingsun | tan ngira-ira pisan | dhapur mêsum anjêginggis | bisa jawab bantahku tanpa wilangan ||
24. sigra mundur gènnya lênggah | sarwi awêcana manis | wus bênêr pambatangira | kabèh ora ana sisip | sarèhira nglakoni | ngadêg Êmban Turukgêmbuk | ajêng-ajêngan lênggah | ni êmban wacana manis | lah badhenên gus ngantèn cangkriman kula ||
25. kabèh ingkang sipat gêsang | kang ana ing donya iki | ucapira pirang kêcap | lèk lu iku yêkti klimis | Gatholoco miyarsi | api-api tan sumurup | malêlêng palingukan | gèdhèg-gèdhèg angucêmil | Turukgêmbuk gumuyu alatah-latah ||
26. sarwi kêplok bokongira | angucap angisin-isin | sira manèh yèn bisaa | anjawab cangkriman mami | dhapurmu anjêginggis | kaya hantu lara ngêlu | Gatholoco angucap | buh bênêr lupute iki | pambatangku punika cangkrimanira ||
--- 143 ---
27. têlèk nèng alu lêsungan | yèn dicêkêl mêsthi amis | pan ingsun durung wuninga | ana têlèk mambu wangi | Turukgêmbuk miyarsi | yèn kajawab sualipun | rumôngsa katiwasan | nora wurung bilaèni | sêdhot mungkur amundur ing lênggahira ||
28. angucap ingsun wus kalah | saprentahmu sun lakoni | Dudulmêndut majêng lênggah | wus ajêng-ajêngan linggih | pangucapira bêngis | lah badhenên cangkrimanku | isine ngalam donya | kèhe ana pirang warni | lawan pira rasane lamun pinangan ||
29. sun andulu wujudira | adêge wolung prakawis | pikukuhe raga tunggal | sipat papat keblat kalih | patbêlas ingkang kèri | kang loro tutup-tinutup | samya manjêr gandera | kêkalih pating karingih | lah badhenên punika cangkriman kula ||
30. Gatholoco amiyarsa | api-api tan mangêrti | dhêlêg-dhêlêg datan jawab | Dudulmêndut aningali | gumuyu tutup rai | sarwi kêplok babokongipun |[122] sira manèh bisaa | dhapurmu irêng basisik | amung sira ratu ala ngalam donya ||
31. Gatholoco alon ngucap |
--- 144 ---
buh bênêr buh luput iki | kang dadi pambatang ingwang | badhe cangkrimanmu iki | isine donya iki | amung sanga kathahipun | ingkang kinarya etang | angkane mung sangang iji | ora ana ingkang luwih sangking sanga ||
32. yèn uwis jangkêp sadasa | bali marang siji malih | puniku pratandhanira | isine donya puniki | pan amung sanga iki | anadene rupanipun | puniku nêm prakara | putih ijo lawan kuning | abang irêng biru laut iku têlas ||
33. liyane sangking punika | nora ana rupa malih | dene ingkang môncawarna | padha ngêmu rasa sami | dene ingkang binukti | amung wolu kathahipun | lêgi gurih punika | pait gêtir pêdhês asin | sêpêt kêcut gênêpe wolung prakara ||
34. adu bokong têgêsira | ya puniki asu anjing | padha adu bokongira | sukunira wolung iji | keblatira kêkalih | madhêp ngalor lawan ngidul | sipatira papat |[123] matanira patang iji | lawangane patbêlas iku kèhira ||
35. cangkêm irung miwah karna | silitira miwah pêrji | kabèh gunggunge
--- 145 ---
patbêlas | kang tutup-tinutup sami | panjinge dakar lan pêrji |[124] pating krêngih êndêmipun | umbul-umbul pulêtan | kêkalih buntute iki | ting kalêcir puniku pambatang ingwang ||
36. Gatholoco malih mujar | apa bênêr apa sisip | puniku pambatang ingwang | Dudulmêndut amiyarsi | kajawab sualnèki | langkung susahing tyasipun | baya wis takdiring Hyang | pinasthi tan kêna gingsir | wong mangkono ingkang nganthi jênêng ingwang ||
9. Kinanthi
1. Ni Dudulmêndut tumungkul | sarwi awacana manis | ya wis kalah bantah ingwang | sakarêpmu sun lakoni | sigra mundur gènnya lênggah | kêlangkung nahan prihatin ||
2. amung kantun rêtnaningrum | Rêtna Dèwi Pêrjiwati | wus ajêng-ajêngan lênggah | Ki Gatholoco lingnya ris | saiki kari pribadya | êmbane kêlawan cantrik ||
3. padha kalah bantahipun | mung kari sira pribadi | apa nutut apa bôngga | sabudimu sun kêmbari | Pêrjiwati angandika | luwih karêpira iki ||
4. yèn sira ngarani têluk | yêktine têluk wak mami | yèn sira ngarani bôngga | sayêktine ingsun wani | mung iki cangkrimaningwang | kathahe tigang prakawis ||
5. jawabên ingkang dumunung | yèn sira [si...]
--- 146 ---
[...ra] bisa jarwani | sun yêkti têluk mring sira | yèn sira nora mangêrti | sayêktine ingsun bôngga | Ki Gatholoco lingnya ris ||
6. kaya priye cangkrimanmu | sun jawabe padha mangkin | Pêrjiwati angandika | punika cangkriman mami | kathahe tigang prakara | jawabên dipun patitis ||
7. dunungna ingkang dumunung | têgêse wong laki rabi | lan têgêse wadon lanang | têgêse jajodhon iki | Gatholoco saurira | jangan susah-susah ati ||
8. iya iku gampang-gumpung | cangkrimanira puniki | tradhak susah cari akal | sêkarang jugak mangêrti | punika cangkrimanira | lanang wadon têgêsnèki ||
9. basa lanang têgêsipun | ala kang têmênan iki | iya iku rupaningwang | sayêkti ala ngluwihi | wadon iku têgêsira | basa wadon iku wadi ||
10. wadine wong wadon iku | iya wujudira iki | sayêkti ala kaliwat | dunung asale puniki | acampur kalawan priya | nuduhna kang ala iki ||
11. mula rabi aranipun | wong lanang amêngku èstri | ngrahabi sadayanira | kang ala lawan kang bêcik | mula lanang aranira | aja nglendhot marang èstri ||
Tamat.
  1. Ditulis dengan huruf Arab. (kembali)
  2. Lebih satu suku kata: sun iki aparing warti. (kembali)
  3. Lebih dua suku kata: paring wruh sudara samya. (kembali)
  4. Lebih satu suku kata: prayoga wong nèng dunya. (kembali)
  5. Lebih satu suku kata: takona mring wong tuwa. (kembali)
  6. Lebih satu suku kata: dèn padha kawruhana. (kembali)
  7. Lebih satu suku kata: wujud gusti kawula. (kembali)
  8. Lebih satu suku kata: kuda ngrap ing pandêngan. (kembali)
  9. Lebih dua suku kata: siti pinêndhêm ing bumi. (kembali)
  10. Lebih satu suku kata: warôndha durung krama. (kembali)
  11. Lebih satu suku kata: rinangkêp sabar drana. (kembali)
  12. Lebih satu suku kata: têmêne kurang tapane. (kembali)
  13. Lebih satu suku kata: ngakên têngahing jagad. (kembali)
  14. Lebih satu suku kata: kitab Bahrulkalbi nèng ngarsèki. (kembali)
  15. Kurang satu suku kata: milanya inganggit. (kembali)
  16. Kurang satu suku kata: kabèh iku ingkang saprandene. (kembali)
  17. Kurang satu suku kata: kang sajuga inggih pêparabe. (kembali)
  18. Kurang satu suku kata: Amat Ngarib Duljabar puniki. (kembali)
  19. Lebih satu suku kata: Ngabdul Manap katri. (kembali)
  20. Kurang satu suku kata: sajuga ari gurune kabèh. (kembali)
  21. Lebih satu suku kata: juga nami San Mustahal iki. (kembali)
  22. Kurang satu suku kata: samya runtik ing sajroning ati. (kembali)
  23. Kurang satu suku kata: sruwal mori rinangkêpan kalih. (kembali)
  24. Lebih satu suku kata: sabuk polèng sap pitu lêmbare. (kembali)
  25. Kurang satu suku kata: wayahira êjam pitu enjing. (kembali)
  26. Lebih satu suku kata: samya ngangge gamparan kathêklik. (kembali)
  27. kang. (kembali)
  28. Lebih satu suku kata: pipi klungsur kuping pêrut bangkrut sami. (kembali)
  29. Lebih satu suku kata: clupak irêng tur dawa. (kembali)
  30. Kurang satu suku kata: kêna kukusing pêga ing sabên ari. (kembali)
  31. Lebih satu suku kata: menga-mengo nutupi rai. (kembali)
  32. Lebih satu suku kata: janma tan lumrah janma. (kembali)
  33. Kurang satu suku kata: sajêg jumblêk ingsun manggon anèng bumi. (kembali)
  34. Lebih satu suku kata: sarwi nolih ngandika mring sabat. (kembali)
  35. Lebih satu suku kata: kang prapta ngrungu wuwus. (kembali)
  36. Kurang dua suku kata: badan kulit lawan dagingira. (kembali)
  37. Kurang satu suku kata: lawan wismane kang sayêkti. (kembali)
  38. Lebih satu suku kata: awake tan mambu toya. (kembali)
  39. Lebih satu suku kata: wismaku têngah jagad. (kembali)
  40. Lebih satu suku kata: guru tiga ngrungu. (kembali)
  41. Lebih tiga suku kata: dening kapingkêl klangkung. (kembali)
  42. Lebih satu suku kata: sabat nênêm kêpuyuh. (kembali)
  43. Kurang satu suku kata: lamun pêjah karam tan manjing suwargi. (kembali)
  44. Lebih satu suku kata: pêrjiku apa rupane. (kembali)
  45. Lebih satu suku kata: asal sun iki lêmah. (kembali)
  46. Lebih satu suku kata: batinmu iku salah. (kembali)
  47. sona. (kembali)
  48. Lebih satu suku kata: kalal lwih sangking menda. (kembali)
  49. Lebih satu suku kata: lamun asale jujur. (kembali)
  50. Lebih satu suku kata: guru tiga samyojar. (kembali)
  51. Lebih satu suku kata: tainira kang dèn simpêni. (kembali)
  52. Kurang satu suku kata: pêpanganan ingkang enak-enak. (kembali)
  53. Lebih satu suku kata: dèn anggo lan dèn pangan. (kembali)
  54. Kurang satu suku kata: ingkang sun pangan ing sabên ari. (kembali)
  55. Kurang dua suku kata: melik ingkang lêgi panas-panas. (kembali)
  56. Lebih satu suku kata: klèlèt kang ingsun pangan. (kembali)
  57. Lebih satu suku kata: ngising tai kang mêtu silit. (kembali)
  58. Kurang satu suku kata: lah mara nyatakêna. (kembali)
  59. Lebih satu suku kata: guru tri duwe nala. (kembali)
  60. Lebih satu suku kata: mundhut klèlèt candu. (kembali)
  61. Ditulis dengan huruf Arab (dan di tempat lain). (kembali)
  62. Lebih dua suku kata: sun nêmu critanira. (kembali)
  63. Lebih satu suku kata: siya-siya uripmu. (kembali)
  64. Lebih satu suku kata: blêbêgên swaranira. (kembali)
  65. Lebih satu suku kata: ing pratikêl dursila. (kembali)
  66. Kurang satu suku kata: datan wurung katularan. (kembali)
  67. Lebih satu suku kata: prandene kêlir lan dhalang. (kembali)
  68. Lebih satu suku kata: prandene dhalang puniku. (kembali)
  69. Lebih satu suku kata: pambadhenira salah. (kembali)
  70. Lebih satu suku kata: upama wong nanggap wayang. (kembali)
  71. Kurang satu suku kata: kawruh lawan kinawruhan. (kembali)
  72. Kurang satu suku kata: kalawan kang tiningalan. (kembali)
  73. Kurang satu suku kata: kang nonton mung kang ananggap. (kembali)
  74. Ditulis dengan huruf Arab (dan ditempat lain). (kembali)
  75. Lebih satu suku kata: nyrambahi badinira. (kembali)
  76. Lebih satu suku kata: ja lumrah janma kathah. (kembali)
  77. Lebih satu suku kata: dikira madu môngsa. (kembali)
  78. Kurang satu suku kata: manut ing kitab tab-taban. (kembali)
  79. Lebih satu suku kata: mung krasa klèlèt pêrji. (kembali)
  80. Lebih satu suku kata: de sira pinaringan. (kembali)
  81. Lebih satu suku kata: yèn tan wruh matanira. (kembali)
  82. Lebih dua suku kata: saingga sun pêthuka. (kembali)
  83. Kurang satu suku kata: iya ingkang nyimpêni. (kembali)
  84. Lebih satu suku kata: supaya ja kongsi salah. (kembali)
  85. Lebih satu suku kata: apa sabab nora nêbut dewanira. (kembali)
  86. Lebih dua suku kata: saiki ratu nalar. (kembali)
  87. Lebih satu suku kata: manawa katularan. (kembali)
  88. Lebih satu suku kata: sarêng misuh truk biyangmu. (kembali)
  89. Lebih satu suku kata: sira nuduhkên byang ingwang. (kembali)
  90. Kurang satu suku kata: mung jrone ingsun gugoni. (kembali)
  91. Lebih satu suku kata: dene ragèngsun iki. (kembali)
  92. Lebih satu suku kata: nalika ngalam donya. (kembali)
  93. Lebih satu suku kata: sêpasar lêstari siyang. (kembali)
  94. Lebih satu suku kata: paring sagung kang gêsang. (kembali)
  95. Lebih satu suku kata: sun tan duwe apa-apa. (kembali)
  96. Lebih satu suku kata: kang langgêng swarga iki. (kembali)
  97. Lebih satu suku kata: yèn mêngkono ya sira. (kembali)
  98. Lebih satu suku kata: sapisan nyuduk janmi. (kembali)
  99. Lebih satu suku kata: yèn sida untung apa. (kembali)
  100. sinêlanan. (kembali)
  101. rasulollah. (kembali)
  102. aglagêpan. (kembali)
  103. bêdudane. (kembali)
  104. Kurang satu suku kata: Kiyai Kasan Mustahal. (kembali)
  105. murtad. (kembali)
  106. Lebih satu suku kata: krana kabèh iku Allah wus ngêrti. (kembali)
  107. Lebih satu suku kata: marang Hyang Maha Mulya. (kembali)
  108. Kurang satu suku kata: nênuwun marang Pangeran. (kembali)
  109. Lebih satu suku kata: bahrul kalbi ranira. (kembali)
  110. Lebih satu suku kata: iku durung linairke. (kembali)
  111. Lebih satu suku kata: apan kalantur-lantur. (kembali)
  112. Kurang satu suku kata: Gatholoco dènnya alumaku. (kembali)
  113. Lebih satu suku kata: jêjanggan lan pra wiku. (kembali)
  114. Kurang satu suku kata: rêsi buyut masesèng manguyu. (kembali)
  115. Kurang satu suku kata: pês-apêse timbang kang dipun tampèni. (kembali)
  116. Lebih satu suku kata: tan na wikan ing ngriku. (kembali)
  117. Lebih satu suku kata: mêk-mêk prêmbayun kalih. (kembali)
  118. watara. (kembali)
  119. Lebih satu suku kata: wong blilu tan wruh sastra. (kembali)
  120. parmaning. (kembali)
  121. Kurang satu suku kata: wong jalu lawan èstri. (kembali)
  122. Lebih satu suku kata: sarwi kêplok bokongipun. (kembali)
  123. Kurang satu suku kata: sipatira apapat. (kembali)
  124. Lebih satu suku kata: panjinge dakar pêrji. (kembali)
 http://www.sastra.org/

Tidak ada komentar:

Poskan Komentar

SEMANGAT PAGI....SUKSES Untuk SEMUA
JIKA ANDA PIKIR BISA PASTI BISA..!
Maaf apabila dalam pengambilan GAMBAR dirasa VULGAR
(Gambaran ini Hanyalah FAKTA sesuai dengan ASLINYA)
dan TIDAK Mutlak untuk diperdebatkan......................!!!

KALAU MAU DONATUR ( SEDEKAH )

Sedekah (Bisa Menunda Kematian)
Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...
  • KLCK aja ICON dibawah untuk Baca berita